1 Yésus tumuli minggah ing prau banjur nyabrang lan rawuh ing kuthané piyambak.
2 Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung menyang ngarsané. Bareng Yésus pirsa pangandelé wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh, "Hé, nggèr, diteguh atimu, dosamu wis kaapura."
3 Lah tumuli ana ahli Torèt sawatara sing padha ngunandika, "Wong iku nyenyamah marang Allah."
4 Nanging Yésus pirsa kang dadi panggraitané wong-wong mau, mulané banjur ngandika, "Yagéné kowé padha duwé panggraita kang ala ana ing atimu?
5 Gampang endi kandha: Dosa-dosamu wis diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua?
6 Nanging supaya kowé padha mangerti, yèn Putraning Manungsa duwé pangwasa ngapura dosa ana ing bumi iki," banjur ngandika marang kang lumpuh "Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!"
7 Wongé iya banjur ngadeg lan mulih.
8 Wong golongan bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhuraké Allah, kang wis paring pangwasa nganti samono marang manungsa.
9 Sawusé Yésus jengkar saka ing kono, banjur pirsa wong kang jenengé Matius linggih ing pabéyan iku, nuli dipangandikani, "Mèlua Aku!" Matius banjur ngadeg lan ndhèrèkaké Panjenengané.
10 Kacarita nalika Yésus lenggah dhahar ana ing omahé, ana juru-narik-pajeg akèh lan wong-wong dosa kang padha teka ndhèrèk dhahar kalawan Yésus dalah para sakabaté.
11 Bareng para Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabaté "Yagéné gurumu kok mangan bebarengan karo juru-narik-pajeg lan wong dosa?"
12 Yésus midanget, nuli ngandika, "Wong waras iku ora butuh dhokter, sing butuh iku wong sing lara.
13 Wis, padha sumingkira, padha sinaua ngerti isining pangandika, kang surasané: Kang sunkarsakaké iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaku iki ora ngundang wong mursid, nanging wong dosa."
14 Kacarita para sakabaté Yohanes padha sowan ing ngarsané Yésus, lan munjuk, "Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat kok mboten?"
15 Yésus banjur paring wangsulan marang wong-wong iku, "Apa iya bisa para dhayohé bawahan manton padha susah-susah sasuwéné pengantèné isih ana? Nanging bakal ana wektuné, pengantèn iku kabedhol, ing kono bakal padha pasa.
16 Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwèkan anyar, awit tambalané iku bakal nyuwèkaké sandhangan mau, temahan malah saya amba bedhahé.
17 Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing kanthong kulit kang lawas, amarga yèn mangkono kanthong kulité mesthi bedhah, angguré banjur wutah, kanthong kulité rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing kanthong kulit anyar, dadi loro-loroné tetep kanggo ing gawé."
18 Sajroné Yésus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang marek sujud lan matur, "Anak kawula èstri saweg kémawon tilar donya éwasemanten mugi Paduka karsa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhé gesang malih."
19 Yésus banjur jumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurah mau kanthi para sakabaté.
20 Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawasé, kang nyedhaki Panjenengané saka ing buri lan ndemèk gombyoking jubahé.
21 Amarga duwé osik mangkéné, "Angger aku bisa ndemèk jubahé, mesthi waras."
22 Nanging Yésus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika, "Diteteg atimu, nggèr, pracayamu kang mitulungi kowé." Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.
23 Bareng Yésus rawuh ing omahé lelurah mau, sarta pirsa panyuling lan wong golongan kang padha ribut,
24 banjur ngandika, "Wis, padha sumingkira; bocahé ora mati, mung lagi turu." Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengané.
25 Sawisé wong golongan iku padha sumingkir, Panjenengané nuli lumebet sarta ngasta tangané si bocah. Bocahé banjur tangi.
26 Pawartané lelakon iku banjur sumebar ing satanah kono kabèh.
27 Nalika Yésus nglajengaké tindaké saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi lan nywara sora, unjuké, "Dhuh, tedhakipun Daud, kawula mugi Paduka welasi."
28 Bareng Panjenengané wis lumebet ing dalem, wong wuta mau padha marek ing ngarsané, Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Apa kowé padha ngandel yèn Aku bisa nindakaké mangkono?" Atur wangsulané, "Inggih, Gusti, kawula sami pitados."
29 Panjenengané banjur ndhumuki mripaté wong-wong mau sarta ngandika, "Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu."
30 Mripaté banjur kaelèkaké. Yésus banjur manti-manti marang wong-wong mau, "Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing wong."
31 Éwasamono saunduré tumuli padha nyuwuraké Panjenengané ana ing sawratané wilayah kono kabèh.
32 Saunduré wong-wong mau banjur ana wong bisu kapanjingan sétan kang kairid ing ngarsané Yésus.
33 Bareng sétan wis ditundhung, kang bisu mau bisa guneman. Wong-wong padha kaéraman kabèh, pangucapé, "Kang kaya mangkono iku durung tau kelakon ana ing Israèl."
34 Nanging ujaré para Farisi, "Anggoné nundhungi sétan iku kanthi pangwasané panggedhéning para dhemit."
35 Yésus tumuli tindak ndlajahi sakèhing kutha lan désa, memulang ana ing papan-papan pangibadahé sarta nggelaraké Injilé Kraton, apadéné nyarasaké sakèhing lelara lan memala.
36 Bareng Panjenengané pirsa wong golongan iku, trenyuh banget panggalihé marga saka welas; awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopèn kaya wedhus kang ora ana pangoné.
37 Panjenengané banjur ngandika marang para sakabaté, "Panèné gedhé, nanging kang derep mung sathithik.
38 Mulané padha nyuwuna marang Gusti kang kagungan panèn, supaya karsa maringi wong derep kanggo panènané iku."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 9
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 9
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke