1 Sawusé mangkono Yésus kapurugaké déning Roh menyang ara-ara samun supaya kagodha déning Iblis.
2 Salebaré siyam patang puluh dina patang puluh bengi, wekasan kraos luwé.
3 Juru panggodha banjur marek ing ngarsané sarta munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Manawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga séla-séla punika Panjenengan sabdakaken dados roti."
4 Nanging Panjenengané paring wangsulan, pangandikané, "Ana tulisan, mangkéné: Uripé manungsa iku ora mung saka roti baé, nanging saka sakèhing sabda kang miyos saka ing lésaning Allah."
5 Iblis tumuli nambut Panjenengané menyang kutha Suci lan dijumenengaké ana ing ndhuwur payoné Padaleman Suci,
6 banjur munjuk marang Panjenengané, mangkéné, "Manawi Panjenengan Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangéran bakal ndhawuhi para malaékaté tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangané, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu."
7 Pangandikané Yésus, "Ana manèh tulisan mangkéné: Sira aja nyoba Pangéran Allahira."
8 Iblis banjur nambut Panjenengané manèh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakèhé kraton ing donya dalah kamulyané,
9 nuli munjuk mangkéné, "Punika sadaya badhé kula aturaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan karsa sumungkem sujud dhateng kula."
10 Yésus banjur ngandika, "Wis, lungaa, sétan! Sabab ana tulisan mangkéné: Pangéran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengané Piyambak kang kudu sira bektèni."
11 Iblis banjur ninggalaké Panjenengané; lah ing kono tumuli ana malaékat-malaékat kang padha marek lan ngladosi Panjenengané.
12 Nanging bareng Yésus miyarsa pawarta, yèn Yohanes wis kacepeng, Panjenengané banjur tindak sumingkir menyang Galiléa,
13 pindhah saka Nasarèt lan dedalem ana ing Kapèrnaum, ing sapinggiring sagara wilayah Zébulon lan Naftali,
14 supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning Nabi Yésaya, mangkéné,
15 "Tanah Zébulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrangé Kali Yordan, Galiléa, panggonané bangsa-bangsa kang ora wanuh marang Allah.
16 Bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wis ndeleng Pepadhang kang gedhé, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayanganing pati, iku wis kaplethèkan Pepadhang."
17 Wiwit nalika iku Yésus nggelaraké piwulang, pangandikané, "Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wis cedhak!"
18 Nalika pinuju tindak ing sapinggiring Tlaga Galiléa, Panjenengané pirsa wong loro padha sadulur, yaiku Simon kang karan Pétrus karo Andréas saduluré, lagi padha nibakaké jala ing tlaga, amarga padha dadi juru-amèk-iwak.
19 Panjenengané banjur ngandika marang wong loro iku, dhawuhé, "Payo, padha mèlua Aku, kowé bakal padha dakdadèkaké juru-amèk-wong."
20 Sanalika banjur padha ninggal jalané, ndhèrèkaké Panjenengané.
21 Sabanjuré nalika tindak saka kono, Panjenengané pirsa wong loro manèh, uga padha sadulur, yaiku Yakobus anaké Zébédéus karo Yohanes saduluré, ana ing prau lagi ngréwangi Zébédéus bapakné anggoné nyulami jalané. Panjenengané banjur nimbali wong loro iku.
22 Sanalika padha ninggalaké prauné lan bapakné, nuli padha ndhèrèkaké Panjenengané.
23 Yésus tumuli ndlajahi sawilayah Galiléa kabèh, memulang ana ing papan-papan pangibadahé wong kono, sarta nggelaraké Injiling Kraton, apadéné marasaké sarupané lelara lan sarupané memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.
24 Pawarta bab Panjenengané iku banjur sumebar ing wilayah Siria kabèh; sakèhé wong kang nandhang lelara banjur padha digawa menyang ngarsané, kang rupa-rupa lelarané lan sangsarané, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, sarta Panjenengané tumuli marasaké wong-wong iku.
25 Wong golongan akèh padha gumrudug ndhèrèkaké Panjenengané, saka Galiléa, Dékapolis, Yérusalèm, Yudéa sarta saka sabrangé Yordan.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Matius 4
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Matius 4
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Matius

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke