1 Ing sawijining dina Yésus ndedonga ana ing sawenèhing panggonan; bareng wus rampung, ana sakabaté siji kang munjuk, "Gusti, kawula mugi sami Panjenengan wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken déning Yohanes dhateng para muridipun."
2 Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané, "Menawa kowé padha ndedonga, munjuka mangkéné: Dhuh Rama, asma Paduka mugi kasucèkaken; Kraton Paduka mugi rawuh.
3 Kawula mugi sami kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing saben dintenipun.
4 Saha mugi karsa ngapunten dosa kawula, awitdéné kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa malih mugi kawula sampun ngantos sami katandukaken dhateng panggodha."
5 Banjur padha dipangandikani manèh mangkéné, "Menawa panunggalanmu ing wayah tengah wengi menyang ing omahé mitrané lan kandha: Sadulur, mbok aku kokutangi roti telung iji baé.
6 Sabab ana mitraku kang lelungan mampir ing omahku, mangka aku ora duwé apa-apa, kang kena daksuguhaké.
7 Apa iya sing ana ing sajroning omah bakal mangsuli: Aja ngribedi aku, ta, lawangé wus dakkancing, aku lan anak-anakku wus padha mapan turu, aku ora bisa tangi ngladèni kowé.
8 Aku pitutur marang kowé: Sanadyan oraa tangi lan ngladèni, marga iku mitrané, nanging marga saka anggoné ora idhep isin iku, mesthi iya bakal banjur tangi, mènèhi apa kang dibutuhaké.
9 Mulané Aku pitutur ing kowé: Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan; padha ngupayaa, temah bakal olèh, padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.
10 Amarga saben wong kang nyenyuwun, bakal tampa, lan kang golèk, bakal olèh, tuwin kang thothok-thothok, iku bakal kawenganan.
11 Endi ana kang jeneng bapa, dijaluki iwak anaké, mènèhi ula, kanggo ijolé iwak?
12 Utawa, menawa njaluk endhog, apa iya banjur diwènèhi kalajengking?
13 Dadi, yèn kowé, sanadyan ala, padha mangerti ing bab pawèwèh kang becik marang anak-anakmu, apamanèh Ramamu kang ana ing swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyenyuwun."
14 Ing sawijining dina Yésus nundhung sétan kang marakaké bisu, saka ing sawenèhing wong. Bareng sétané wus metu, wongé bisa guneman. Wong akèh padha kaéraman.
15 Nanging ana sawenèh kang padha ngucap mangkéné, "Anggoné nundhung sétan iku nganggo pangwasané Béèlzebul panggedhéning para sétan."
16 Lan ana manèh kang nyuwun pratandha saka swarga, kanggo nyoba marang Yésus.
17 Nanging Yésus ora kekilapan marang pikirané wong-wong mau, mulané banjur ngandika, "Saben kraton kang pecah, iku mesthi rusak, lan saben brayat kang wargané padha dredah, mesthi rusak.
18 Menawa Iblis iku uga dredah karo awaké dhéwé, kepriyé bisané lestari kratoné?
19 Dadi, yèn Aku nundhung sétan iku nganggo pangwasané Béèlzebul, para muridmu anggoné nundhung nganggo pangwasané sapa? Mulané iya iku kang bakal padha ngadili kowé.
20 Nanging menawa Aku nundhung sétan nganggo pangwasaning Allah, sayektiné Kratoning Allah wus rawuh ana ing satengahmu.
21 Menawa ana wong kang rosa sarta gegamané ganep kanggo ngreksa omahé dhéwé, barang darbèké bakal slamet.
22 Nanging menawa katekan wong kang luwih rosa, kang kalah rosa mau banjur ditempuh lan dikalahaké, sakèhing gegamané kang diandelaké bakal direbut, lan barang darbèké bakal diedum-edum dadi jarahan.
23 Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora nglumpukaké bebarengan karo Aku, iku mbuyaraké."
24 "Samangsa roh jahat iku wus metu saka ing wong, banjur nglembara menyang papan-papan kang suwung kanggo manggon, nanging sarèhné ora olèh, nuli muni mangkéné: dakbalènané manèh omah kang wis daktinggal.
25 Banjur bali, omahé ketemu wis disaponi resik lan tumata becik.
26 Tumuli metu, lunga ngajak roh liyané cacahé pitu kang luwih jahat, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah wong mau alané ngluwihi katimbang sadurungé."
27 Nalika Yésus isih ngandika, ana wong wadon kang nguwuh marang Panjenengané saka ing satengahé wong akèh, unjuké, "Rahayu ibu ingkang sampun nggarbini saha ingkang nesepi Panjenengan."
28 Nanging Yésus banjur ngandika, "Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokaké lan nggatèkaké pangandikaning Allah."
29 Bareng wong akèh padha ngrubung Panjenengané, Yésus nuli ngandika, "Wong-wong ing jaman iki, iku ala, padha nyuwun pratandha, nanging ora bakal kaparingan kajaba mung pratandhané Yunus.
30 Sabab kayadéné Yunus anggoné dadi pratandha tumrap wong-wong ing kutha Niniwé, samono uga Putraning Manungsa iya bakal dadi pratandha tumrap wong-wong ing jaman iki.
31 Bésuk ing dinané pangadilan, ratu kang saka ing tanah Kidul iku bakal wungu bareng karo wong-wong jaman iki lan bakal ngadili wong-wong iku. Amarga ratu iki rawuh saka ing pungkasaning bumi arep mirengaké kawicaksanané Salomo, mangka satemené kang ana ing kéné iki ngungkuli Salomo.
32 Bésuk ing dina pangadilan, wong-wong ing Niniwé bakal padha tangi bebarengan karo wong-wong jaman iki, lan bakal ngadili wong-wong iki. Amarga wong-wong Niniwé iku bareng ngrungokaké pituturé Yunus banjur padha mratobat, mangka satemené kang ana ing kéné iki ngungkuli Yunus."
33 "Ora ana wong nyumed lampu kang banjur disèlèhaké ing panggonan kang ndhelik utawa ditutupi genthong, nanging ditumpangaké ing cagak-lampu, supaya wong kabèh kang mlebu omah bisa ndeleng padhangé.
34 Mripatmu iku dadi lampuning badanmu. Menawa mripatmu becik, badanmu sakojur dadi padhang, nanging menawa mripatmu jahat, badanmu dadi peteng.
35 Mulané padha diwaspada, pepadhang kang ana ing kowé iku aja nganti dadi peteng.
36 Menawa badanmu sakojur padhang lan ora ana pérangané kang peteng, mesthi kabèh dadi padhang, iya kaya yèn kowé kena ing soroting lampu."
37 Bareng Yésus wus rampung anggoné memulang, ana wong Farisi ngaturi dhahar ana ing omahé. Panjenengané iya banjur lumebet sarta lenggah dhahar.
38 Wong Farisi mau bareng weruh Yésus kok ora wijik dhisik sadurungé dhahar, dadi gumun.
39 Nanging Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Kowé para Farisi, kowé padha ngresiki jabaning tuwung lan pinggan, nanging ing jeromu kebak rampasan lan piala.
40 Hé, wong-wong bodho, Panjenengané kang nitahaké sisih jabané iku apa iya ora nitahaké njeroné?
41 Mung baé isiné iku danakna, lah ing mengko sakabèhé bakal dadi resik tumrap kowé.
42 Nanging bilai kowé, hé, para Farisi, amarga kowé padha mbayar pra-sapuluhan saka godhong merdinah, inggu lan sawarnané jejanganan, nanging kowé padha nglirwakaké kaadilan lan katresnaning Allah. Prakara-prakara iku kudu dilakoni, tanpa nglirwakaké sing liyané.
43 Bilai kowé, hé, para Farisi, amarga ana ing papan pangibadah kowé padha seneng linggih ing ngarep lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar.
44 Bilai kowé, amarga kowé iku kayadéné kuburan kang tanpa tenger; wong-wong kang lumaku ing sandhuwuré padha ora weruh."
45 Tumuli ana sawijiné ahli Torèt kang mangsuli, aturé, "Guru, menawi Panjenengan ngandika makaten punika, ateges ugi ngrèmèhaken golongan kula."
46 Nanging Panjenengané banjur mangsuli, pangandikané, "Kowé iya padha bilai, hé, para ahli Torèt, amarga kowé padha ngemoti wong kalawan momotan kang ora bisa kaangkat, nanging kowé dhéwé ora nganti ndumuk momotan iku nganggo drijimu siji baé.
47 Bilai kowé; amarga kowé padha mbangun pasaréané para nabi, mangka leluhurmu dhéwé kang nyédani.
48 Dadiné kowé padha ngaku, yèn kowé padha mbeneraké pratingkahé leluhurmu, sabab leluhurmu iku padha nyédani para nabi mau, déné kowé padha mbangun pasaréané.
49 Mulané kawicaksananing Allah ngandika: Ingsun bakal ngutus para nabi lan para rasul, marang wong-wong iku, sarta panunggalané iku ana separo kang bakal dipatèni lan kang dianiaya.
50 Supaya tumrap wong-wong jaman iki katempuhna getihé sakèhé para nabi kang wus kawutahaké, wiwit nalika bumi katitahaké,
51 wiwit saka getihé Habél nganti getihé Zakharia, kang kapatènan ana ing antarané misbyah lan Padalemaning Allah. Malah Aku pitutur marang kowé: Kabèh iku mau mesthi bakal katempuhaké marang wong-wong jaman iki.
52 Bilai kowé, hé, para ahli Torèt, amarga kowé wus padha njupuk kuncining kawruh; kowé dhéwé ora lumebu, nanging wong kang arep lumebu padha kokalang-alangi."
53 Bareng Yésus wus jengkar saka ing papan kono, para ahli Torèt lan para wong Farisi padha ngincim-incim marang Panjenengané lan ngebyuki Panjenengané kalawan pitakonan warna-warna,
54 apadéné padha mbudidaya gawé pasangan kanggo nyepeng Panjenengané adhedhasar apa kang kapangandikakaké.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Lukas 11
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Lukas 11
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Lukas

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke