1 Paulus uga rawuh ing Dèrbé lan Listra. Ing kono ana murid jenengé Timotius, ibuné wong Yahudi kang wus dadi pracaya, déné bapakné wong Yunani.
2 Timotius iku wis kaseksènan beciké déning para sadulur tunggal pracaya ing Listra lan ing Ikonium.
3 Karsané Paulus, iku dadia kanthiné ing lampah. Paulus banjur dhawuh supaya Timotius ditetaki marga saka anané wong Yahudi kang padha ana ing wilayah kono, awit wong kabèh padha sumurup, yèn bapakné iku wong Yunani.
4 Sajroné ndlajahi kutha-kutha iku, Paulus lan Silas padha masrahaké putusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm kalawan piweling supaya dièstokaké.
5 Marga saka mangkono pasamuwan-pasamuwan padha kasantosakaké pracayané lan saya suwé saya wuwuh cacahé.
6 Tindaké nglangkungi tanah Frigia lan tanah Galatia, amarga dipambengi déning Roh Suci nggelaraké Injil ana ing propinsi Asia.
7 Sarawuhé ing Misia, banjur padha ngangkah lumebet ing Bitinia, nanging Rohé Yésus ora marengaké.
8 Bareng wus nglangkungi Misia, banjur tekan Troas.
9 Benginé Paulus mirsa tetingalan: ana wong Makédonia ngadeg lan matur marang panjenengané, "Panjenengan kula aturi nyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya!"
10 Bareng Paulus wis mirsa tetingalan mau, aku kabèh banjur padha ngarah mangkat menyang Makédonia, awit marga saka anané tetingalan mau, aku padha namtokaké, yèn Allah wus nimbali kita kakarsakaké nggelaraké Injil marang wong-wong ing kono.
11 Aku banjur padha mangkat nunggang prau saka Troas, terus ngener Samotraké, lan ésuké nuli menyang Néapolis.
12 Saka ing kono banjur padha menyang Filipi, kutha kawitan ing wilayah Makédonia, kalebu kutha-koloni Roma. Aku padha nginep ana ing kutha kono sawatara dina.
13 Nalika dina Sabat aku padha menyang sanjabaning gapurané kutha, lumaku urut pinggir kali, banjur mrangguli papan pangibadahé wong Yahudi, kang manut pangiraku ana ing kono. Sawisé linggih, aku nuli padha rembugan karo wong-wong wadon kang padha ngumpul ana ing kono.
14 Ing antarané wong wadon panunggalané, jenengé Lidia, mèlu ngrungokaké. Wong mau dadi bakul kain wungu, pinangkané saka Tiatira, wong kang bekti ing Allah. Atiné wus binuka déning Gusti, mulané nggatèkaké marang apa kang kapangandikakaké déning Paulus.
15 Sawisé kabaptis sabrayaté kabèh, banjur matur mangkéné, "Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saèstu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyaré ing griya kula." Mangka banget panyuwuné, nganti aku kabèh padha nuruti.
16 Ing sawijining dina nalika aku padha menyang papan pangibadahé iku, aku padha mrangguli batur wadon kang dadi juru-tenung kang njalari para bendarané olèh kauntungan akèh.
17 Iku ngetutaké Paulus lan aku kabèh kalawan alok-alok, ujaré, "Wong-wong iku abdiné Allah kang Mahaluhur, kang martakaké dalaning karahayon marang kowé kabèh."
18 Kang mangkono iku ditindakaké nganti pirang-pirang dina. Ananging bareng Paulus wis ora tahan manèh marang anané gangguan mau, nuli minger sarta dhawuh marang roh iku, "Atas asmané Yésus Kristus, dhawuhku marang kowé: Metua saka wong wadon iki." Sanalika iku uga roh mau iya banjur metu.
19 Bareng para bendarané wong wadon mau weruh, yèn pangarep-arepé olèh kauntungan wis ilang, banjur padha nangkep Paulus lan Silas, padha diglandhang menyang pasar kaaturaké marang pamaréntah.
20 Sawisé padha diajokaké ing ngarsané para panggedhéné kutha kono, nuli padha matur, "Tiyang punika sami damel ributing nagari kita ngriki, amargi sami tiyang Yahudi
21 sarta sami mulangaken adat-tata-cara ingkang mboten kénging kita tampi utawi kita lampahi, awit kita punika tiyang Roma."
22 Anadéné wong akèh iya padha mèlu nglawan marang Paulus lan Silas. Para panggedhéning kutha mau banjur dhawuh mblèjèdi pangagemané sarta nggebugi.
23 Sawusé digebagi bola-bali banjur padha dijeblosaké ing pakunjaran. Panggedhéné pakunjaran didhawuhi njaga kanthi ketat.
24 Sarèhné mangkono préntahé, mulané sakaroné nuli dilebokaké ing kamar pakunjaran kang ana ing tengah dhéwé, sarta padha kabelok sikilé.
25 Watara wayah tengah wengi Paulus lan Silas padha ndedonga kalawan ngidungaké pamuji marang Allah, déné wong ukuman liyané padha ngrungokaké.
26 Dumadakan banjur ana lindhu gedhé, pondhasiné pakunjaran nganti horeg; lan sanalika iku uga lawang-lawangé padha menga, lan ranténé wong kabèh padha ucul.
27 Panggedhéné pakunjaran gragapan tangi lan bareng weruh lawangé pakunjaran padha menga, banjur ngunus pedhang arep nglalu, awit ngira yèn wong-wong ukuman wus padha mlayu.
28 Nanging Paulus tumuli nywanten sora, pangandikané, "Sampun nyilakani badan piyambak, awit kula sadaya taksih wonten ing ngriki!"
29 Panggedhéné pakunjaran dhawuh nggawa obor lan lumayu mlebu, apadéné nuli sumungkem ana ing ngarsané Paulus lan Silas kalawan gumeter.
30 Tumuli padha diirid metu, karo matur, "Dhuh, para Sadhérék ingkang kula urmati, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados wilujeng?"
31 Banjur dingandikani, "Kula aturi pitados dhateng Gusti Yésus Kristus, temah panjenengan badhé wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan."
32 Banjur diwartani pangandikané Pangéran, samono uga wong saisiné omahé kabèh.
33 Ing waktu iku uga sakaroné padha diresiki tatuné, sarta ing bengi iku uga panggedhéné pakunjaran mau dalah kulawargané padha kabaptis.
34 Sakaroné banjur didhèrèkaké menyang omahé lan padha disegah. Panggedhéné pakunjaran mau banget bungahé, déné awaké dhéwé lan brayaté wus padha dadi pracaya marang Allah.
35 Ésuké, para panggedhéning kutha banjur utusan para bawahané nglantaraké dhawuh marang panggedhéné pakunjaran mangkéné, "Wong loro iku padha luwarana!"
36 Panggedhéné pakunjaran banjur nerusaké dhawuh mau marang Paulus, aturé, "Para pangagenging kitha sampun paring dhawuh, supados panjenengan sami kaluwaran. Awit saking punika panjenengan sami kula aturi medal lan tindak kanthi wilujeng!"
37 Nanging Paulus banjur paring pangandika marang wong-wong mau, "Kula sami tiyang Roma dipun gebagi wonten ing sangajengipun tiyang kathah tanpa dipun adili, lajeng kalebetaken ing pakunjaran. Sapunika kula sami badhé kaluwaran sidheman? Mboten kénging makaten punika. Para pangageng punika supados rawuh piyambak ngirid kula medal."
38 Para bawahan mau banjur ngaturaké bab iku marang para panggedhéning kutha. Bareng padha mireng, yèn Paulus lan Silas iku wong Roma, temahan padha ajrih.
39 Banjur padha rawuh nyuwun pangapura, sakaroné tumuli kairid medal sarta diaturi nilar kutha kono.
40 Lan banjur padha nilar pakunjaran lan tindak menyang omahé Lidia, manggihi para sadulur tunggal pracaya ing kono, sarta sawisé paring panglipur sakaroné banjur padha tindak.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 16
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 16

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke