1 Saka aku pinituwa, marang Gayus kang kinasih, kang daktresnani ing sajroning kayektèn.
2 Sadulurku kang kinasih, pandongaku muga-muga kowé padha becik ing sabarang prakara lan ginanjara bagas-kuwarasan, semono uga nyawamu.
3 Awit aku bungah banget, nalika ana sadulur sawatara teka, awèh paseksi ing bab anggonmu padha urip ing sajroning kayektèn, sabab uripmu pancèn iya mangkono.
4 Tumraping aku, ora ana kabungahan kang gedhéné ngluwihi kabungahanku samangsa aku krungu, menawa anak-anakku padha urip sajroning kayektèn.
5 Sadulurku kang kinasih, kowé tumindak ngetrepi anggonmu dadi wong pracaya, samangsa kowé nindakaké samubarang kanggo para Sadulur tunggal pracaya, sanadyan iku padha wong bangsa liya.
6 Wong-wong iku ana ing sangarepé pasamuwan wis padha awèh paseksi bab katresnanmu. Becik temenan panggawému, menawa padha kokbiyantu kanggo mbacutaké lakuné, kanthi patrap kang ndadèkaké keparengé Allah.
7 Awit anggoné padha lelungan iku marga saka asmané, tanpa nampani apa-apa saka wong-wong kang ora wanuh marang Allah.
8 Kita padha kuwajiban nampa wong-wong kang kaya mangkono iku, supaya kita padha dadi kanca tunggal gawé tumrap apa kang bener.
9 Aku wis nulis sathithik marang pasamuwan, nanging Diotrèfès, kang kepéngin dadi pangarep ana ing pasamuwan, iku ora gelem ngakoni marang aku.
10 Mulané, bésuk samangsa aku teka bakal dakélingaké kang dadi panggawéné, sabab wis ngundhat-undhat nganggo tembung kasar marang aku kabèh; lan ora trima mangkono baé, malah wong mau ora mung emoh nampani para Saduluré tunggal pracaya kang teka baé, nanging sapa kang arep nampa wong-wong mau padha dipenggak, sarta disébrataké saka pasamuwan.
11 Sadulurku kang kinasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawé becik, iku asalé saka Allah, nanging sapa kang gawé piala, iku ora tau weruh marang Allah.
12 Mungguh Démétrius wis diseksèni becik déning wong kabèh, malah kaseksènan déning kayektèn dhéwé. Lan manèh aku kabèh iya padha awèh paseksi becik tumrap wong iku, lan kowé sumurup, yèn paseksiku iku nyata.
13 Akèh prakara kang kudu daktulis marang kowé, nanging aku ora gelem nulis marang kowé nganggo mangsi lan pèn.
14 Pangarep-arepku énggal bakal nemoni kowé, lan rerembugan adu-arep. (1-15) Tentrem-rahayu anaa ing kowé! Salam saka para mitramu. Salamku marang para mitra siji-siji.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 3 Yohanes 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 3 Yohanes 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke