1 Yésus ngandika marang para muridé, "Ora kena ora mesthi bakal ana panasaran, nanging bilai kang njalari anané panasaran iku.
2 Luwih becik menawa wong iku dikalungana watu panggilingan lan banjur dicemplungaké ing sagara, katimbang nasaraké wong kang isih ringkih pracayané iki.
3 Reksanen awakmu dhéwé! Menawa sadulurmu duwé kaluputan welèhna; menawa kaduwung, apuranen.
4 Saupama anggoné kaluputan marang kowé ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggoné marani kowé sarta pratéla: Aku kaduwung, iya kudu kokapura."
5 Para rasul nuli munjuk marang Gusti, "Kawula mugi sami kaparingan kapitadosan!"
6 Paring wangsulané Gusti, "Menawa kowé duwé pangandel sanadyan gedhéné mung sawiji sawi baé, lan yèn kowé banjur ngucap marang wit anjir iki: Rungkada, tumancepa ing sagara; mesthi bakal nurut marang préntahmu iku."
7 "Sapa panunggalanmu kang duwé batur, kang mluku utawa angon raja-kayané, saulihé saka pategalan apa banjur dikandhani: Ayo, endang mangan!
8 Apa ora malah kosok-baliné, dikandhani mangkéné: Aku cawisana mangan. Nganggoa sabuk lan ngladènana aku nganti sarampungé anggonku mangan lan ngombé. Lan sawusé iku kowé lagi kena mangan lan ngombé.
9 Apa batur mau banjur diwènèhi panarima, marga saka anggoné wis nglakoni apa kang dipréntahaké?
10 Mangkono uga kowé. Menawa kowé wis nglakoni kabèh kang kapréntahaké marang kowé, kowé banjur padha matura: Kula sadaya punika namung abdi-abdi ingkang tanpa gina, amargi namung sami nindakaken punapa ingkang dados kuwajiban kula."
11 Nalika tindak menyang Yérusalèm, Yésus miyos ing sauruting tapel-watesé Samaria lan Galiléa.
12 Bareng lumebet ing sawijining désa, ana wong lara kusta sepuluh sowan marang Panjenengané, nanging mung ngadeg kapara adoh,
13 sarta padha nguwuh kanthi sora, unjuké, "Dhuh, Guru, kawula mugi sami Panjenengan welasi!"
14 Panjenengané nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika, "Kowé padha lungaa, awakmu priksakna marang para imam!" Kocapa, sajroné padha lumaku iku, padha birat najisé.
15 Ana siji kang bareng weruh yèn wus waras, banjur bali ngluhuraké Allah kanthi swara sora.
16 Nuli nyungkemi sampéyané Yésus, ngunjukaké panuwun. Mangka iku wong Samaria.
17 Yésus banjur ngandika, "Apa mau ora wong sepuluh kang birat najisé? Lah, kang sanga endi?
18 Apa panunggalané iku ora ana kang bali ngluhuraké Allah, kajaba mung wong manca iki?"
19 Banjur ngandika marang wong mau, "Ngadega, lungaa, pracayamu kang wus mitulungi kowé."
20 Bareng wong Farisi padha matur pitakon bab bésuk kapan bakal rawuhé Kratoné Allah, Yésus nuli paring wangsulan, pangandikané, "Rawuhé Kratoning Allah iku tanpa pratandha-pratandha kang katon,
21 sarta wong iya ora bisa kandha: Lah ana ing kéné, utawa ana ing kana! Amarga satemené Kratoning Allah iku ana ing antaramu."
22 Banjur ngandika marang para muridé, "Bakal tumeka ing wektuné, kowé padha kepéngin nyumurupi salah sijining dinané Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi.
23 Sarta wong bakal ngandhani kowé: Lah, ana ing kana; lah ana ing kéné! Kowé aja mrana lan aja kèlu.
24 Awitdéné kaya kilat anggoné gumebyar saka ing tepining langit ing sisih kéné tekan ing sisih kana, iya kaya mangkono uga Putraning Manungsa ana ing dina bakal rawuhé.
25 Nanging Panjenengané kudu nandhang sangsara akèh dhisik lan katampik déning wong-wong ing jaman iki.
26 Sarta kayadéné nalika jamané Nuh, iya kaya mangkono kaanané bésuk ing dina-dinané Putraning Manungsa.
27 Wong-wong padha mangan lan ngombé, padha omah-omah lan diomah-omahaké, nganti tumeka ing dinané Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhé, kang numpes wong kabèh.
28 Uga kaya kang kelakon nalika jamané Lut: wong-wong padha mangan lan ngombé, padha dol-tinuku, padha nenandur lan padha yeyasa.
29 Nanging ing dina oncaté Lut saka Sodom, banjur ana udan geni lan udan welirang saka ing langit, kang numpes wong kabèh.
30 Iya kaya mangkono bésuk kababaré ing dina Putraning Manungsa.
31 Sapa baé kang dina iku pinuju ana ing payon, mangka barang-barangé ana ing jero omah, aja mudhun njupuki; mangkono uga kang lagi ana ing pategalan, aja mulih.
32 Élinga marang somahé Lut!
33 Sapa kang ngudi rumeksa marang nyawané, bakal kélangan nyawané, lan sapa kang kélangan nyawané, iku bakal nylametaké nyawané.
34 Aku pitutur marang kowé: Ing bengi iku bakal ana wong loro kang tunggal sapaturon, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar.
35 Ana wong wadon loro kang lagi padha nggiling gandum, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar."
36 [Menawa ana wong loro ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katilar.]
37 Para murid banjur padha munjuk marang Yésus, "Wonten ing pundi, Gusti?" Paring wangsulané, "Ing ngendi ana bathang, iya ing kono manuk-manuk garudha bakal padha nglumpuk."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Lukas 17
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Lukas 17
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Lukas

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke