1 Ing dina kateluné ana pésta mantu ing Kana, wilayah Galiléa, sarta ibuné Yésus ana ing kono.
2 Yésus dalah para sakabaté uga diulemi mrono.
3 Bareng padha kekurangan anggur, ibuné Yésus nuli ngandika marang Panjenengané, "Padha kentèkan anggur."
4 Pangandikané Yésus, "Ibu, panjenengan ngersakaken punapa dhateng Kula? Dèrèng dumugi wekdal Kula."
5 Nanging ibuné Yésus banjur dhawuh marang para peladèn, "Apa sadhawuhé marang kowé padha lakonana."
6 Ing kono ana genthong watu wadhah banyu enem, sadhiyan kanggo sesuci manut adaté wong Yahudi, isiné saben genthong mau rong klenthing utawa telung klenthing.
7 Yésus nuli dhawuh marang para peladèn mau, "Genthongé pada kebakana banyu!" Tumuli diisèni nganti kebak.
8 Yésus banjur ngandika, "Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawé!" Banjur padha ngaturaké.
9 Pitayaning gawé iku bareng ngicipi banyu kang wus dadi anggur mau -- lan ora mangerti saka ngendi pinangkané, awit kang mangerti mung para peladèn kang padha nyidhuki banyuné -- nuli ngaturi pangantèn lanang,
10 sarta matur, "Saben tiyang nyegah anggur punika ingkang saé rumiyin, lan sasampunipun para tamu ngunjukipun kathah lajeng nyegahaken ingkang kirang saé. Nanging panjenengan kok nyimpen anggur ingkang saé ngantos sapunika."
11 Prakara iku mau katindakaké Yésus ing Kana wilayah Galiléa, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat lan sarana mangkono Panjenengané wus mbabaraké kaluhurané. Para sakabaté nuli padha pracaya marang Panjenengané.
12 Sawusé mangkono Yésus banjur tindak menyang Kapèrnaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhèrèké tuwin para sakabaté, lan ana ing kono mung padha kèndel sawatara dina baé.
13 Nalika ngarepaké riyaya Paskahé wong Yahudi, Yésus tindak menyang Yérusalèm.
14 Ana ing Padaleman Suci Yésus pirsa wong-wong kang adol sapi, wedhus, manuk dara, apadéné wong-wong préyalan padha dhasar ana ing kono.
15 Panjenengané mundhut tampar kagem pecut, banjur nundhungi wong-wong mau kabèh dalah wedhusé lan sapiné, saka ing Padaleman Suci. Dhuwité préyalan padha disuntaki, méjané padha digolingaké.
16 Bakul-bakul dara padha kadhawuhan mangkéné, "Kabèh iki padha singkirna saka ing kéné! Padalemané Ramaku aja kokanggo papan bakulan."
17 Para sakabaté tumuli padha kèlingan menawa ana tulisan mangkéné, "Katresnan Kawula dhateng Padaleman Paduka punika ngantos nggrantesaken manah Kawula."
18 Wong-wong Yahudi nuli padha matur marang Yésus, "Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan katingalaken dhateng kula sadaya, bilih Panjenengan wenang nindakaken kados makaten?"
19 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Bubrahen Padaleman Suci iki, sajroning telung dina bakal dakadegaké manèh."
20 Unjuké wong Yahudi, "Padaleman Suci punika kabangun ing salebetipun kawan dasa enem taun, mangka Panjenengan kok badhé ngadegaken salebeting tigang dinten?"
21 Nanging kang dipangandikakaké Padaleman Suci iku sarirané piyambak.
22 Ing tembé, sawusé Yésus wungu saka ing antarané wong mati, para sakabaté lagi padha kèlingan, yèn Panjenengané wis tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhaké déning Yésus.
23 Nalika Yésus ana ing Yérusalèm sajroné riyaya Paskah, wong akèh padha pracaya marang Panjenengané, amarga padha weruh mukjijat-mukjijat kang katindakaké.
24 Ananging Yésus piyambak ora nganggep marang pracayané wong-wong mau, karana Panjenengané wus pirsa wong-wong mau,
25 sarta ora prelu ana wong kang nyaosi paseksi bab manungsa marang Panjenengané, jalaran Panjenengané wis pirsa piyambak apa kang ana ing batiné manungsa.