1 Déné bab leladi marang para suci ora prelu aku nulis manèh marang kowé.
2 Sabab aku wis sumurup mungguh legawaning atimu, mulané kowé padha dakalem ana ing ngarepé wong Makédonia. Tembungku, "Akhaya wis cecawis wiwit taun kang kapungkur." Lan kasregepanmu wus dadi pangatag-atag tumrap wong akèh.
3 Nanging anggonku kongkonan sadulur-sadulur iku supaya pangalemku marang kowé aja nganti tinemu tanpa guna, nanging supaya tetéla anggonmu cecawis kanthi temenan kaya kang wis dakkandhakaké,
4 supaya, menawa wong-wong Makédonia teka bareng karo aku, aja nganti nyumurupi anggonmu durung cecawis, satemah aku kabèh -- supaya ora nyebut kowé kabèh -- rumangsa padha kawirangan ing bab kayakinanku iku.
5 Mulané dakanggep prelu, yèn sadulur-sadulur iku dakbereg mangkat ndhisiki, supaya bisa ngurus luwih dhisik dana kang wus dadi kasaguhanmu biyèn, temahan mengko wis cumawis minangka tandha-buktiné kamurahaning atimu lan dudu dana peksan.
6 Iki gatèkna: Wong kang nyebar sathithik, iya bakal ngenèni sathithik, lan wong kang nyebar akèh, uga bakal ngenèni akèh.
7 Saben wong pisungsungé dikaya kang dadi rilaning atiné, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Allah iku ngasihi wong kang misungsung kanthi bungah.
8 Lan Allah kwaos nglubèraké sawernaning sih-rahmat marang kowé kabèh, supaya kowé padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonmu nglakoni sarupaning panggawé becik.
9 kaya kang katulis, "Panjenengané ngedum-edum, Panjenengané maringi marang wong miskin, kaadilané tetep ing salawas-lawasé."
10 Panjenengané kang nyawisaké winih kanggo kang nyebar, lan roti kanggo pangan, Panjenengané uga bakal nyawisi winih marang kowé lan ditikelaké sarta nuwuhaké pametuning bebeneranmu;
11 kowé bakal disugihaké ing sarupaning kamurahané ati kang nuwuhaké pamuji sokur konjuk marang Allah marga saka aku.
12 Awit ayahan katresnan kang kokladèkaké iki ora mung nyukupi kabutuhané para suci baé, nanging uga nglubèraké pamuji sokur marang Allah.
13 Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhuraké Allah awit saka pambangunturutmu ing bab ngakoni Injilé Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab ngedum-edum samubarang kanggo wong-wong mau apadéné wong kabèh.
14 Sarta manèh sajroning pandongané, kowé uga padha dikangeni marga saka sih-rahmaté Allah kang nglubèri kowé.
15 Puji sokur konjuk marang Allah marga saka sih peparingé kang ora kena winirasa iku!