1 Kaya mangkono mau pangandikané Yésus. Panjenengané banjur tumenga marang langit sarta matur, "Dhuh Rama, sampun dumugi wancinipun; mugi Putra Paduka kaluhurna, supados Putra Paduka ngluhuraken Paduka.
2 Kadosdéné anggèn Paduka sampun maringi pangwaos mengku sawarnining agesang dhateng Sang Putra, makaten ugi Sang Putra inggih badhé maringi gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Sang Putra.
3 Wondéné gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh dhateng Paduka, Allah ingkang sejatos, sarta dhateng Yésus Kristus utusan Paduka.
4 Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi sarana anggèn Kawula sampun ngrampungaken pakaryan ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula supados katindakaken.
5 Déné sapunika, dhuh Rama, mugi Paduka ngluhuraken Kawula wonten ing ngarsa Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang sampun Kawula darbèni ing ngarsa Paduka sadèrèngipun jagat tinalesan.
6 Kawula sampun medharaken asma Paduka dhateng para tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula saking jagat. Tiyang-tiyang punika kagungan Paduka sarta sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, saha sampun sami ngèstokaken pangandika Paduka.
7 Sapunika sampun sami mangertos, bilih sadaya peparing Paduka dhateng Kawula punika pinangkanipun saking Paduka.
8 Amargi sadaya pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampèkaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampèni. Punapadéné sampun sami mangertos saèstu, bilih Kawula mijil saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.
9 Kawula ndongakaken tiyang-tiyang punika. Sanès jagat ingkang Kawula dongakaken, nanging tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula, awit tiyang-tiyang punika inggih kagungan Paduka,
10 lan sadaya gadhahan Kawula inggih kagungan Paduka sarta kagungan Paduka inggih gadhahan Kawula, saha Kawula sampun kaluhuraken wonten ing tiyang-tiyang punika.
11 Kawula sampun mboten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang punika taksih wonten ing donya, tuwin Kawula sowan dhateng ngarsa Paduka. Dhuh Rama ingkang Suci, tiyang-tiyang punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, inggih punika asma Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kadosdéné Paduka kaliyan Kawula.
12 Salaminipun Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang punika, Kawula ingkang ngreksa wonten ing asma Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula; Kawula sampun njagi tiyang-tiyang punika lan mboten wonten tiyang satunggal kémawon ingkang ical, kajawi namung tiyang satunggal ingkang sampun pinasthi risak, supados kayektosan suraosing Kitab Suci.
13 Nanging samangké, Kawula sowan dhateng ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau sangsaya sampurna.
14 Tiyang-tiyang wau sampun Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti déning jagat, amargi pinangkanipun mboten saking jagat, kadosdéné pinangka Kawula punika inggih mboten saking jagat.
15 Kawula mboten nyuwun, supados tiyang-tiyang wau kapundhuta saking donya, nanging supados Paduka reksa saking piawon.
16 Tiyang-tiyang wau pinangkanipun mboten saking jagat, kadosdéné pinangka Kawula punika inggih mboten saking jagat.
17 Mugi sami Paduka sucèkaken ing kayektosan; inggih pangandika Paduka punika kayektosan.
18 Kadosdéné Paduka sampun ngutus Kawula dhateng jagat, makaten ugi Kawula inggih ngèngkèn tiyang-tiyang wau dhateng jagat;
19 sarta Kawula nucèkaken badan Kawula kanggé tiyang-tiyang wau, supados ugi sami sinucèkaken ing kayektosan.
20 Mboten namung kanggé tiyang-tiyang punika kémawon anggèn Kawula ndedonga, nanging ugi kanggé tiyang-tiyang sanèsipun ingkang sami pitados dhateng Kawula margi saking piwucalipun tiyang-tiyang wau,
21 supados sadaya sami dadosa satunggal kadosdéné Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, murih sami dadosa satunggal ing Paduka lan Kawula, supados jagat pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.
22 Kawula sampun nyukakaken kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, dhateng tiyang-tiyang punika, supados sami dados satunggal, kadosdéné Paduka lan Kawula inggih dados satunggal.
23 Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurna anggènipun dados satunggal, sarta supados jagat mangertos, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih Paduka nresnani tiyang-tiyang punika kadosdéné anggèn Paduka nresnani Kawula.
24 Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kémawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados sumerep dhateng kamulyan Kawula ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, awit Paduka nresnani Kawula wiwit sadèrèngipun jagat tinalesan.
25 Dhuh Rama ingkang adil, jagat punika pancèn mboten wanuh dhateng Paduka, nanging Kawula wanuh dhateng Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami mangertos, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula.
26 Punapadéné asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhé Kawula sumerepaken, supados katresnan ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wonten ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wonten ing tiyang-tiyang punika."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yohanes 17
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yohanes 17
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Yohanes

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke