1 Nalika Para Farisi lan wong sawatara saka golonganing ahli Torèt kang teka saka Yérusalèm, padha nglumpuk sowan ing ngarsané Yésus.
2 Wong-wong mau padha weruh para sakabat sawatara padha mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik.
3 Sabab para Farisi, kayadéné wong-wong Yahudi liyané, ora mangan yèn ora ngwisuhi tangané dhisik, amarga padha netepi padatan warisané para leluhuré;
4 lan samangsa mulih saka pasar, iya padha ora mangan yèn ora nucèkaké awak. Sarta akèh manèh padatan liyané kang diwarisi supaya ditetepi, kayata: bab ngumbah tuwung lan kendhi sarta piranti-piranti prunggu, apadéné paturon.
5 Para Farisi lan para ahli Torèt mau banjur padha munjuk pitakon marang Panjenengané, "Kènging punapa déné sakabat-sakabat Panjenengan kok mboten sami nindakaken padatan warisanipun para leluhur, nanging sami nedha mawi tangan najis?"
6 Panjenengané ngandika marang wong-wong mau, "Cocog banget Yésaya anggoné meca bab kowé, hé wong-wong lamis! Kaya kang wus katulis: Bangsa iki ngurmati Ingsun kalawan lambé, nanging atiné adoh saka Ingsun.
7 Dadi, tanpa teges anggoné ngluhuraké Ingsun, déné kang diwulangaké iku pepakoné manungsa.
8 Kalawan ninggal pepakèné Allah, kowé padha netepi padatané manungsa."
9 Panjenengané mbacutaké pangadikané marang wong-wong mau, "Pinter tenan anggonmu nyisihaké pepakèné Allah, murih kowé padha nglestarèkaké padatané leluhurmu.
10 Amarga Musa wus dhawuh: Kowé ngajènana bapakmu lan ibumu! Lan uga: Sing sapa ngipat-ipati bapakné utawa ibuné, iku kudu kaukum pati.
11 Nanging kowé padha memulang: Menawa ana wong kang matur bapaké utawa ibuné: Sadaya bantuan ingkang mesthinipun dados wewenang panjenengan saking kula, sampun kula dadosaken kurban, -- yaiku pisungsung katur marang Allah, --
12 dadiné, kowé ora ngolèhaké wong iku nindakaké apa-apa manèh kanggo bapaké utawa ibuné.
13 Kang mangkono iku, sarana nglestarèkaké padatané leluhurmu iku, kowé padha nggawé pangandikané Allah batal. Kejaba iku kowé isih padha nindakaké prakara rupa-rupa kang iya kaya mangkono iku."
14 Yésus banjur nimbali marek manèh wong golongan sarta ngandika, "Kowé kabèh padha ngrungokna marang Aku lan padha nggatèkna.
15 Ora ana barang saka sajabané wong kang mlebu ing sajroné awaké, iku bisa gawé najisé wong mau, nanging apa-apa kang metu saka ing wong, iku kang gawé najisé wong iku."
16 [Sapa baé kang duwé kuping kanggo ngrungokaké, ngrungokna!]
17 Bareng Panjenengané wis lumebet ing sawijiné omah, sumingkir saka wong golongan, para sakabaté banjur munjuk pitakon marang Panjenengané bab pasemon mau.
18 Panjenengané tumuli ngandika marang para sakabat, "Dadi, kowé apa iya padha ora nyandhak? Apa kowé padha ora nggatèkaké, yèn samubarang kang saka ing jaba mlebu ing wong, iku ora bisa gawé najisé wong mau,
19 amarga iku ora mlebu ing atiné, nanging ing wetengé, apadéné banjur metu dibuwang ana ing pakiwan?" Kaya mangkono anggoné Panjenengané mratélakaké, yèn sakèhing pangan iku kalal.
20 Panjenengané ngandika manèh, "Apa kang metu saka ing wong, iya iku kang gawé najisé wong mau,
21 sabab iya saka ing njero kono, saka ing atiné wong, kawetu gagasan-gagasan ala, laku cabul, colong-jupuk, gawé pati,
22 laku jina, srakah, tingkah dursila, pokal culika, laku rusuh, kumèrèn, panyenyamah, umuk, tindak-tanduk tanpa budi.
23 Sakèhé piala iku asalé saka ing jero lan gawé najisé wong."
24 Yésus jumeneng banjur tindak saka kono menyang wilayah Tirus. Bareng wis lumebet ing sawijiné omah, Panjenengané ngarsakaké aja ana wong siji baé kang ngerti, éwasamono rawuhé tetep ora bisa kasidhem.
25 Malah nalika iku uga, ana wanita kang anaké wadon kepanjingan roh jahat; bareng krungu bab Panjenengané, banjur agé-agé sowan ngrungkebi sampéyané.
26 Wanita iku wong Yunani, keturunan Siro-Fénisia. Wong mau banjur nyuwun marang Yésus, supaya karsa nundhung sétané metu saka anaké wadon.
27 Yésus nuli ngandika marang wanita iku, "Bocah-bocah iku dhisik karebèn padha wareg, awit rak ora patut njupuk rotiné bocah-bocah mau banjur diuncalaké marang asu."
28 Éwadéné wanita iku matur, "Kasinggihan, Gusti. Nanging segawon ing ngandhap méja menika rak inggih sami nedha rontoganing rotinipun laré-laré wau."
29 Yésus banjur ngandika marang wanita iku, "Marga saka pitembunganmu, kowé muliha, sétané wus metu saka anakmu wadon."
30 Nalika mulih tekan omahé, wanita iku mrangguli anaké teturon ing ambèn lan sétané wis lunga.
31 Sawisé iku Yésus jengkar saka wilayah Tirus lan tindak langkung Sidon menyang tlaga Galiléa, nratas tanah Dékapolis.
32 Wong-wong tumuli nggawa wong kang budheg lan angèl guneman sowan ing ngarsané, nyuwun supaya Panjenengané numpangi asta marang wong iku.
33 Sawusé wong mau kadhèwèkaké saka wong golongan, dadi mung kari karo Yésus, Panjenengané banjur nglebetaké drijiné ing kupingé wong iku, sawusé kecoh banjur ndumuk ilaté wong mau.
34 Sawisé mangkono, kanthi tumenga ing langit Panjenengané unjal ambekan, banjur ngandika marang wong mau, "Éfata!" tegesé: Mengaa!
35 Sanalika kupingé padha kabukak, apadéné bundhelaning ilaté udhar, banjur bisa guneman kanthi cetha.
36 Panjenengané tumuli meling wong golongan, aja padha kandha-kandha marang sapa baé. Nanging sangsaya keras Panjenengané meling wong-wong golongan iku, sangsaya mempeng anggoné padha martak-martakaké.
37 Déné wong golongan kabèh padha kaéraman banget lan padha ngucap, "Panjenengané iku wus nggawé samubarang dadi becik, wong-wong kang budheg padha dadi bisa krungu, lan wong-wong kang bisu padha dadi bisa guneman."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Markus 7
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Markus 7
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Markus

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke