1 Hé wong Galatia kang bodho, sapa ta kang mblithuk kowé? Yésus Kristus kang kasalib iku rak wus katerangaké kanthi gamblang ana ing ngarepmu?
2 Kang arep dakngertèni saka kowé, mung iki: Apa anggonmu wus padha nampani Roh iku marga saka nglakoni angger-anggering Torèt, apa marga pracaya marang pangundhanging Injil?
3 Apa nganti samono bodhomu? Kowé wus miwiti kalawan Roh, apa kowé saiki arep mungkasi kalawan daging?
4 Apa muspra baé kabèh kang wis padha kokalami kang samono akèhé iku? Mongsok yèn muspra!
5 Dadi saiki kepriyé, apa Panjenengané kang maringi Roh marang kowé nganti lubèr-lubèr lan nindakaké mukjijat ana ing antaramu, anggoné nindakaké mangkono iku, marga kowé nglakoni angger-anggering Torèt, apa marga pracaya marang pangundhanging Injil?
6 Iya kanthi patrap mangkono iku anggoné Abraham pracaya marang Allah, sarta iya iku kang njalari kaanggep bener déning Allah.
7 Dadi kowé ngerti menawa wong-wong kang urip saka pracaya iku padha dadi putrané Abraham.
8 Lan Kitab Suci, kang sadurungé wis sumurup menawa Allah nganggep bener marang wong-wong kang dudu Yahudi marga saka pracaya, wis luwih dhisik martakaké kabar kabungahan marang Abraham, "Iya ana ing sira sakèhing bangsa bakal diberkahi."
9 Dadi wong-wong kang urip saka pracaya, iya iku kang padha diberkahi bebarengan karo Abraham kang pracaya iku.
10 Awit wong kabèh, kang uripé saka ayahaning angger-anggeré Torèt iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkéné, "Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggoné nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Torèt."
11 Lan iya wus cetha yèn ora ana wong kang kaanggep bener ana ngarsané Allah marga saka nglakoni angger-anggering Torèt, awit, "Wong kang kaanggep bener iku bakal urip marga saka pracaya."
12 Awit angger-anggering Torèt iku dhasaré dudu iman, nanging sapa kang nglakoni angger-angger, iku bakal urip déning angger-angger.
13 Kristus wis nebus kita saka laknaté angger-anggering Torèt srana jumeneng laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkéné, "Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib!"
14 Yésus Kristus wus nglampahi iku, supaya berkahé Abraham ana ing Panjengenané sumrambah marang bangsa-bangsa liya, temahan marga saka pracaya, kita bisa nampani Roh kang kaprasetyakaké.
15 Para Sadulur, beciké aku daknganggo conto padinan. Layang wasiyat kang wis kaabsahaké iku, sanadyan saka manungsa, ora ana wong kang bisa mbatalaké utawa nambahi.
16 Anadéne prasetya iku kabèh kapangandikakaké marang Abraham lan marang turuné. Panjenengané ora ngandika, "Marang turun-turuné" kang kaya-kaya ateges wong akèh, nanging mung wong siji, "lan marang turunmu", yaiku Kristus.
17 Maksudku yaiku prasetya kang sadurungé wis kaabsahaké déning Allah iku ora kena dibatalaké déning angger-anggering Torèt, kang lagi ana sawisé patang atus telung puluh taun, nganti prasetya iku ilang kakuwatané.
18 Sabab menawa kang kaabsahaké déning Allah iku asalé saka angger-anggering Torèt, mesthiné iku asalé ora saka prasetya; nanging malah marga saka prasetya, Allah wis maringaké sih-rahmaté marang Abraham.
19 Yèn mangkono, apa maksudé angger-anggering Torèt iku? Iku katambahaké awit saka anané panerak-panerak, nganti tekané turun kang dikarsakaké ing prasetya iku -- lan angger-anggering Torèt iku kaparingaké lumantar malaékat-malaékat marang astané sawijining pantara.
20 Déné anggoné jumeneng pantara iku ora mung makili wong siji baé, mangka Allah iku siji.
21 Menawa mangkono, apa angger-anggering Torèt iku sulaya karo sakèhé prajanjining Allah? Babar pisan ora. Sabab saupama angger-anggering Torèt kang kaparingaké iku bisa nguripaké, mesthiné apa kang bener iku pancèn tuwuh saka angger-anggering Torèt.
22 Nanging Kitab Suci wis ngurung samubarang marang pamengkuning dosa, supaya awit saka pracaya marang Yésus Kristus janji mau kaparingaké marang wong kang padha pracaya.
23 Nanging sadurungé pracaya iku ana, kita kawengku ing pangreksané angger-anggering Torèt, kakurung nganti pracaya iku wis kababar.
24 Dadi angger-anggering Torèt iku minangka panuntun kita nganti Kristus rawuh, supaya kita kaanggep bener marga saka pracaya.
25 Nanging saiki bareng kita wis pracaya, wis ora kabawah manèh ing pangreksané panuntun mau.
26 Sabab marga saka pracaya marang Yésus Kristus kowé padha dadi putrané Allah.
27 Awit kowé kabèh, kang padha kabaptis ana ing Kristus, wis padha ngrasuk Kristus.
28 Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowé kabèh padha dadi siji ana ing Kristus Yésus.
29 Mangka yèn kowé kagungané Kristus, ateges kowé padha dadi trahing Abraham lan padha dadi ahli-waris miturut prasetyané Allah.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Galatia 3
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Galatia 3

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke