1 Bab rawuhé Gusti kita Yésus Kristus lan anggon kita bakal katunggilaké kalawan Panjenengané, panjalukku kabèh marang kowé, para Sadulur,
2 supaya kowé aja padha gampang bingung lan sumelang, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran utawa marga saka layang kang diakokaké saka aku kabèh, kaya-kaya dinané Gusti wis kelakon.
3 Kowé aja nganti padha disasaraké nganggo patrap kepriyé baé! Awitdéné sadurungé dina iku kelakon mesthi didhisiki anané pamurtad lan kababaré manungsa duraka, kang kudu kasirnakaké,
4 yaiku tukang-nglawan kang ngunggul-unggulaké awaké dhéwé ngluwihi sakèhé kang disebut utawa disembah kayadéné Allah, nganti wani lungguh ing Padaleman Suci sarta ngaku Allah.
5 Apa kowé ora padha éling yèn bab iku wis kerep dakkandhakaké marang kowé, nalika aku isih ana ing satengahmu?
6 Déné saiki kowé padha sumurup apa kang nyandhet tekané, satemah lagi bakal jumedhul ing waktu kang wis katemtokaké.
7 Amarga kanthi patrap sesidheman, duraka iku wiwit tumindak, nanging saiki isih ana kang nyandhet. Menawa kang saiki nyandhet wis kasingkiraké,
8 ing waktu iku manungsa duraka lagi arep muncul, nanging Gusti Yésus nuli bakal numpes kalawan napasing tutuké lan samangsa rawuh, bakal nyirnakaké sarana ngatingalé.
9 Tekané manungsa duraka iku marga saka panggawéné Iblis lan bakal dikanthèni kasektèn warna-warna sarta pratandha-pratandha apadéné mukjijat-mukjijat palsu;
10 kalawan réka-daya ala rupa-rupa tumrap wong-wong kang bakal nemu karusakan, jalaran padha ora nampani sarta nresnani kayektèn kang ndadèkaké karahayoné.
11 Iya iku sababé Allah anggoné ndhatengaké panasaran marang wong-wong iku, kang njalari padha pracaya marang kang goroh,
12 supaya wong kabèh kang padha ora pracaya marang kayektèn, kaukum lan seneng marang piala.
13 Nanging para Sadulur, aku kudu padha tansah saos sokur marang Allah marga saka kowé kabèh, kang dikasihi déning Gusti, amarga Allah wiwit wiwitan mula wus milih kowé kabèh supaya dislametaké ana ing sajroning Roh, kang nucèkaké kowé lan ana ing sajroning kayektèn kang padha kokpracaya.
14 Tumrap kang mangkono iku Panjenengané wis nimbali kowé kabèh lantaran Injil, kang padha dakwartakaké, satemah kowé padha kepareng nampa kamulyané Yésus Kristus, Gusti kita.
15 Mulané, kowé padha dibakuh lan padha ngantepana piwulang-piwulang kang wis padha koktampani saka aku kabèh, kanthi patrap lésan utawa tulisan.
16 Anadéné Panjenengané, Gusti kita Yésus Kristus lan Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmaté wis ngasihi kita sarta kang wis ngganjar panglipur kang
17 muga karsa paring panglipur lan nyantosakaké atimu ing sadhéngah panggawé lan pitembungan kang becik.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Tesalonika 2
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Tesalonika 2

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke