1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus manut dhawuhé Allah, Juruslamet kita, lan Kristus Yésus, pangarep-arep kita,
2 marang Timotius, anakku kang sejati sajroning pracaya: Palimirma, sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Gusti kita anaa ing kowé.
3 Nalika aku arep nerusaké lakuku menyang wilayah Makédonia, kowé wis dakwanti-wanti, supaya tetep ana ing Éfesus lan mituturi wong-wong sawenèh, supaya aja mulangaké piwulang liya,
4 utawa dongèng lan sarasilah kang ora ana entèké, kang olèh-olèhané mung pangangen-angen, sarta dudu tatanan keslametan kang kaparingaké Allah sajroning pracaya.
5 Kang dituju ing pitutur iku, yaiku katresnan kang muncul saka ati kang suci, saka swaraning batin kang murni lan saka pracaya kang tulus-éklas.
6 Nanging ana wong kang nyimpang saka iku lan banjur kesasar ing omongan kang tanpa guna.
7 Wong-wong iku arep padha dadi pamulanging angger-anggeré Torèt, mangka ora ngerti marang tembung-tembungé dhéwé sarta prakara-prakara baku kang diwulangaké kanthi mutlak.
8 Kita padha sumurup, yèn angger-anggering Torét iku becik, menawa bener anggoné ngecakaké,
9 yaiku kanthi pangerti, yèn angger-anggering Torèt iku ora kanggo wong sampurna, nanging kanggo wong duraka lan murang-sarak, wong lamis lan wong dosa, kanggo wong kadonyan lan kang tanpa agama, kanggo kang matèni bapa lan biyungé, kanggo wong kang gawéné matèni,
10 kanggo wong kang tumindak cabul lan laku-jina padha lanangé, kanggo wong kang gawéné nyulik, kanggo wong kang tukang ngapusi, kanggo wong kang dhemen sumpah palsu, lan sabanjuré samubarang kabèh kang cengkah karo piwulang kang bener,
11 kang adhedhasar Injiling Allah kang luhur lan pinuji, kaya kang wis kapitayakaké marang aku.
12 Aku saos sokur marang Panjenengané, kang nyantosakaké aku, yaiku Kristus Yésus, Gusti kita, amarga Panjenengané karsa nganggep aku setya, sarta mitayakaké bubuhan leladi iki marang aku,
13 aku kang mauné tukang nyenyamah, nganiaya sarta kejem, nanging wus karentahan palimirma, awit iku kabèh daklakoni saka ora ngertiku sajroning ora pracaya.
14 Malah sih-rahmaté Gusti kita iku wis kaparingaké nganti lubèr marang aku kalawan pracaya lan katresnan sajroning Kristus Yésus.
15 Tembung iki nyata lan pantes diugemi temenan, "Kristus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa," lan antarané para wong dosa iku aku iki kang gedhé dhéwé dosané.
16 Nanging malah marga saka iku aku karentahan palimirma, supaya ana ing aku kang gedhé dhéwé dosané iki, Yésus Kristus nélakaké sakèhing kasabarané. Sarana mangkono, aku dadia tuladha tumrap wong kang bakal padha pracaya marang Panjenengané lan olèh urip langgeng.
17 Pakurmatan lan kamulyan ing salawas-lawasé kasaosna marang Rajané sakèhing jaman, Allah kang langgeng, kang ora katingal lan kang asipat tunggal! Amin.
18 Kuwajiban iki dakpasrahaké marang kowé, anakku Timotius, cundhuk karo apa kang wus kaweca tumrap kowé, supaya marga pameca iku kowé ngudi marang pambudidaya kang utama kalawan pracaya sarta swaraning batin kang murni.
19 Ana wong sawatara kang wus ngemohi swaraning batin kang murni iku, marga saka iku pracayané kandhas,
20 kayata: Himénéus lan Alèksander, kang wus dakpasrahaké marang Iblis, supaya padha kapok anggoné nyenyamah.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 1 Timotius 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 1 Timotius 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke