1 Sawusé iku, ana riyayané wong Yahudi, Yésus tindak menyang Yérusalèm.
2 Ing Yérusalèm, sacedhaké Gapura Wedhus, ana blumbang, kang ing tembung Ibrani diarani: Bètèsda, kang ana bangsalé lima.
3 Ing bangsal-bangsal kono akèh banget wong lara pating gluntung: wong wuta, wong pincang, wong lumpuh. [Padha ngentèni kocaking banyu.
4 Awit samangsa ana malaékaté Pangéran tumedhak ing blumbang kono ngocak banyuné; sarta menawa banyu mau kocak, sapa baé kang nyegur dhisik dhéwé dadi waras, sanadyan apa baé lelarané.]
5 Ing kono ana wong kang nandhang lara wus telung puluh wolu taun lawasé.
6 Bareng Yésus pirsa wong mau nggluntung ana ing kono sarta Panjenengané nguningani menawa wong mau wus lawas anggoné mangkono iku, banjur dipangandikani, "Kowé apa kepéngin waras?"
7 Atur wangsulané wong kang lara mau, "Bendara, mboten wonten tiyang ingkang nyemplungaken kawula dhateng blumbang samangsa toyanipun wiwit kocak. Angger kawula saweg murugi, lajeng wonten tiyang sanès ingkang nyemplung ngrumiyini kawula."
8 Yésus banjur ngandika, "Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!"
9 Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngangkat paturoné lan banjur mlaku. Nanging dina iku pinuju dina Sabat.
10 Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngelokaké wong kang lagi baé waras mau, pangucapé, "Iki dina Sabat, kowé ora kena ngangkat paturonmu!"
11 Nanging wangsulané wong mau, "Tiyang ingkang nyarasaken kula punika ingkang dhawuh dhateng kula: Paturonmu angkaten, lumakua!"
12 Wong-wong mau banjur padha takon, "Sapa wongé kang akon marang kowé: Paturonmu angkaten, lumakua?"
13 Nanging wong kang lagi baé waras ora mangerti, iku sapa, amarga Yésus wus nylimpet ana ing satengahé wong akèh kang ana ing kono.
14 Sawisé mangkono Yésus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani, "Kowé wus waras, aja gawé dosa manèh, supaya kowé aja nganti kataman kang luwih banget."
15 Wongé nuli lunga, nyaritakaké marang wong-wong Yahudi menawa kang marasaké iku Yésus.
16 Lan marga saka iku, wong-wong Yahudi padha ngudi arep nganiaya Yésus, amarga Panjenengané nindakaké kang mangkono iku ing dina Sabat.
17 Nanging Yésus ngandika, "Ramaku makarya nganti sapréné, mulané Aku uga nindakaké pagawéanku."
18 Marga saka iku wong Yahudi mundhak nemen manèh anggoné ngarah nyédani Panjenengané, awit ora ngamungaké nerak dina Sabat baé, nanging uga marga mastani yèn Allah iku Ramané piyambak, dadi sarirané dipadhakaké karo Allah.
19 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Satemené Aku pitutur marang kowé: Sang Putra ora bisa nindakaké apa-apa saka awaké dhéwé, menawa Panjenengané ora weruh kang katindakaké déning Sang Rama. Sabab apa kang katindakaké déning Sang Rama, iku uga katindakaké déning Sang Putra.
20 Sabab Sang Rama ngasihi Kang Putra sarta nedahaké sabarang kang ditindakaké piyambak marang Panjenengané, malah iya bakal nedahaké marang Panjenengané pandamel kang luwih agung manèh katimbang karo iku, nganti kowé padha gumun.
21 Awit padha kaya Sang Rama anggoné nangèkaké lan nguripaké wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripaké saben wong kang dikarsakaké.
22 Sang Rama ora ngadili sapa baé, nanging wus masrahaké pangadilan iku marang Sang Putra,
23 supaya wong kabèh padha ngurmati marang Sang Putra kayadéné anggoné ngurmati Sang Rama. Sapa kang ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengané.
24 Satemené Aku pitutur marang kowé: Saben wong kang ngrungokaké pituturku, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduwèni urip langgeng, lan ora katut kaukum, jalaran wus pindhah saka pati marang urip.
25 Satemen-temené Aku pitutur marang kowé, bakal tumeka wektuné, malah wus tumeka, menawa wong mati padha krungu swantené Putraning Allah, lan sapa kang ngrungokaké iku bakal urip.
26 Sabab padha kaya Sang Rama kagungan gesang ing sarirané piyambak, mangkono uga Sang Putra iya wus kaparengaké kagungan gesang ing sarirané piyambak.
27 Sarta manèh wus kaparingan pangwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengané iku Putraning Manungsa.
28 Kowé aja padha gumun marang prakara iku, sabab bakal tumeka waktuné yèn sakèhing wong kang ana ing kubur padha krungu swantené,
29 kang kalakuané becik bakal metu lan tangi nuju marang urip langgeng, nanging kang kalakuané ala bakal tangi nuju marang paukuman.
30 Aku ora bisa nindakaké apa-apa saka awakku dhéwé, anggonku ngadili iku manut karo apa kang dakrungu, sarta pangadilanku iku adil, amarga Aku ora nuruti karepku dhéwé, nanging manut karsané kang ngutus Aku.
31 Menawa Aku neksèni bab awakku dhéwé, paseksiku iku ora bener.
32 Ana liyané kang neksèni mungguh ing Aku lan Aku mangerti yèn paseksi kang kalairaké bab Aku iku bener.
33 Kowé wus padha kongkonan marang Yohanes, lan wong iku wus neksèni bab kayektèn.
34 Nanging Aku ora mbutuhaké paseksi saka manungsa, déné Aku tutur mangkono iku supaya kowé padha kapitulungan rahayu.
35 Yohanes iku minangka lampu kang murub lan kang madhangi, nanging kowé iku mung sawatara mangsa baé anggonmu gelem ngrasakaké padhangé.
36 Nanging Aku iki nduwèni paseksi kang ngungkuli paseksiné Yohanes, yaiku sakèhing pagawéan kang kaparingaké Sang Rama marang Aku, supaya daktindakaké. Pagawéan iku iya kang daktindakaké saiki, lan iku dadi paseksi anggoné Sang Rama ngutus Aku.
37 Sang Rama kang ngutus Aku, Panjenengané kang neksèni piyambak mungguh ing Aku. Kowé ora tau krungu swantené utawa nyumurupi pasuryané,
38 apadéné pangandikané ora tetep dumunung ana ing kowé, awit kowé padha ora pracaya marang Panjenengané kang kautus.
39 Kowé padha nitipriksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka iku kowé nduwèni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku neksèni bab Aku,
40 éwasamono kowé padha ora gelem marani Aku supaya nduwèni urip iku.
41 Aku ora mbutuhaké pakurmataning manungsa.
42 Nanging tumrap kowé, Aku wus mangerti, menawa ing atimu padha ora kadunungan katresnan marang Allah.
43 Tekaku iki ing asmané Ramaku, nanging kowé padha ora nampani Aku. Menawa ana wong liya teka demi jenengé dhéwé iku bakal koktampani.
44 Kowé iku anggonmu bisa padha pracaya kepriyé, déné padha ngarah urmat-ingurmatan, mangka kaurmatan kang saka Allah piyambak iku ora padha kokupaya.
45 Kowé aja padha duwé pangira yèn Aku kang bakal nggugat kowé ana ing ngarsané Sang Rama; kang nggugat kowé, yaiku Musa kang dadi dununging pangarep-arepmu.
46 Sabab menawa kowé padha pracaya marang Musa, mesthiné iya pracaya marang Aku, amarga panjenengané wus nyerat bab Aku.
47 Nanging menawa kowé padha ora pracaya marang seratané Musa, kepriyé anggonmu bakal padha pracaya marang kang dakkandhakaké?"

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yohanes 5
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yohanes 5
Studi Alkitab dengan Video LUMO, silahkan lihat LUMO Indonesia :: Yohanes

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke