1 Saben wong sumuyuda marang pangwasa kang mbawahaké, sabab ora ana pangwasa kang asalé ora saka Allah; lan para pangwasa kang ana iku padha katetepaké déning Allah.
2 Mulané sing sapa mbaléla marang pamaréntah, ateges mbangkang marang pranatané Allah, lan sapa baé kang mbaléla, bakal nekakaké paukuman tumrap awaké dhéwé.
3 Awit sing sapa tumindak becik, ora usah wedi marang pamaréntah, mung menawa nglakoni panggawé ala baé. Apa kowé gelem urip tanpa wedi marang pamaréntah? Nindakna apa kang becik, temah kowé bakal olèh pangalemé.
4 Awit pamaréntah iku abdiné Allah kanggo kabecikanmu. Nanging menawa kowé nindakaké piala, pancèn iya kudu wedi, marga ora tanpa gawé anggoné pamaréntah iku nganggar pedhang. Pamaréntah iku abdiné Allah kanggo malesaké bebenduné Allah tumrap kang padha nindakaké piala.
5 Mulané kita prelu padha sumuyud, ora mung marga bebenduné Allah baé, nanging uga marga saka osiking ati kita.
6 Iya marga saka iku anggonmu padha mbayar pajeg. Awit kang padha ngurusi iku mau padha dadi abdiné Allah.
7 Mbayara marang wong kabèh apa baé kang kudu kokbayar. Pajeg marang wong kang wenang nampani pajeg, béya marang wong kang wenang nampani béya; pakèring marang wong kang wenang nampa pakèring lan pakurmatan marang wong kang wenang nampa pakurmatan.
8 Kowé aja padha duwé utang apa-apa marang sapa baé, kajaba mung utang tresna-tinresnan. Awit sing sapa nresnani pepadhané, iku wus netepi angger-anggering Torèt.
9 Awit dhawuh, "Aja laku jina, aja matèni, aja nyenyolong, aja mélik," apadéné dhawuh liyané, wus kacakup ana ing pangandika iki, yaiku, "Tresnaa marang sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé!"
10 Katresnan iku ora nindakaké piala marang sapepadhané, mulané katresnan iku ngganepi angger-anggering Torèt.
11 Prakara iki kudu koktindakaké, sabab kowé mangerti kaanané wektu saiki, yaiku wus tekan wanciné kowé tangi saka anggonmu turu. Awit saiki wektu kang kanggo nylametaké kita wus saya cedhak, katimbang nalika kita dadi wong pracaya.
12 Wektuné wis lingsir wengi, wis mèh raina. Mulané payo kita padha ngrucat sakèhing panggawé kang peteng, sarta sikep gegamaning pepadhang!
13 Payo kita padha urip kang patut, kaya ing wayah awan, aja padha nguja memangan lan mendem-mendeman; aja padha laku jina lan ngumbar hawa-napsu; aja padha tukar padu lan kumèrèn.
14 Nanging padha ngrasuka Gusti Yésus Kristus lan aja nuruti watak kang asipat daging kanggo ngumbar pepénginané.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Roma 13
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Roma 13

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke