1 Ing kala purwa Sang Sabda iku wus ana, déné Sang Sabda iku nunggil karo Allah sarta Sang Sabda iku Allah.
2 Panjenengané iku wiwit ing kala purwa wus nunggil karo Allah.
3 Samubarang kabèh katitahaké déning Panjenengané, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora katitahaké déning Panjenengané.
4 Ana ing Panjenengané iku dununging urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa.
5 Pepadhang iku sumunar sajroning pepeteng, sarta ora kalindhih déning pepeteng.
6 Ana priya rawuh kautus déning Allah, asmané Yohanes.
7 Rawuhé dadi seksi, kapatah neksèni bab pepadhang, supaya alantaran panjenengané, wong kabèh padha pracaya.
8 Panjenengané iku dudu pepadhang piyambak, mung kapatah neksèni bab pepadhang.
9 Pepadhang kang sejati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagat.
10 Panjenengané wus ana ing jagat, lan jagat iku katitahaké déning Panjenengané, nanging jagat iku ora wanuh marang Panjenengané.
11 Rawuhé murugi kagungané, nanging para kagungané iku ora gelem nampani.
12 Nanging sakèhé wong kang nampani Panjenengané iku kaparingan wewenang dadi para putraning Allah, yaiku wong kabèh kang padha pracaya marang asmané,
13 kang lairé ora saka ing getih, iya ora saka kareping daging utawa saka karepé wong lanang, nanging saka ing Allah.
14 Sang Sabda wus dadi manungsa, sarta dedalem ana ing antara kita, sarta aku lan kowé kabèh wus padha nyawang kamulyané, yaiku kamulyan kang kaparingaké marang Panjenengané yaiku Putra Ontang-antingé Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayektèn.
15 Yohanes neksèni bab Panjenengané sarta nywanten sora, pangandikané, "Iya Panjenengané iku kang dakkarepaké nalika aku pitutur mangkéné: Panjenengané kang rawuh nungka aku wus ngrumiyini aku, amarga anané sadurungé aku."
16 Amarga saka kasampurnané, kita kabèh wus tampa ganjaran sih-rahmat kang tanpa kendhat.
17 Sabab angger-angger iku anggoné kaparingaké lantaran Musa, déné sih-rahmat lan kayektèn iku pinangkané saka Yésus Kristus.
18 Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Allah. Sang Putra Ontang-anting kang ana ing pangkoné Sang Rama, iku kang nerangaké kawontenané.
19 Iki paseksiné Yohanes nalika wong Yahudi saka Yérusalèm kongkonan para imam lan para wong Lèwi, supaya matur pitakon, "Panjenengan punika sinten?"
20 Yohanes ngaken kanthi barès, "Aku iki dudu Kristus."
21 Kang dikongkon banjur padha matur pitakon, "Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Élia?" Yohanes paring wangsulan, "Dudu."
22 Ing kono kang dikongkon padha matur, "Panjenengan punika sinten, supados kula sadaya sami saged mratélakaken dhateng ingkang ngèngkèn kula. Pangaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kados pundi?"
23 Pangandikané Yohanes, "Aku iki swarané wong kang nywara sora ana ing pasamunan: Padha nglencengna margi ambah-ambahané Pangéran! Kaya kang wus dipangandikakaké déning Nabi Yésaya."
24 Ing antarané para kang dikongkon mau ana wong Farisi sawatara.
25 Banjur padha nyuwun pirsa manèh, "Punapaa déné panjenengan mbaptis, manawi panjenengan sanès Kristus, sanès Élia, sanès nabi?"
26 Yohanes mangsuli, pangandikané, "Aku mbaptis nganggo banyu; nanging ing satengahmu Panjenengané wus jumeneng, kowé padha ora wanuh,
27 yaiku Panjenengané, kang rawuhé nungka aku. Sanadyan mung nguculi talining trumpahé baé aku ora patut."
28 Mungguh kelakoné iku mau ana ing Bétania, ing sabrangé kali Yordan, panggonané Yohanes mbaptis.
29 Ésuké Yohanes pirsa Yésus murugi; panjenengané banjur ngandika, "Delengen iku Cempéning Allah kang mbirat dosané jagat.
30 Iya Panjenengané iku kang dakkarepaké nalika aku kandha mangkéné: Ana Priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anané sadurungé aku.
31 Mauné aku dhéwé iya ora wanuh marang Panjenengané, mulané aku teka lan mbaptis nganggo banyu supaya Banisraèl wanuh marang Panjenengané."
32 Lan manèh paseksiné Yohanes mangkéné, "Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirané.
33 Mauné aku iya ora wanuh marang Panjenengané, nanging kang ngutus aku mbaptis nganggo banyu, wus ngandika: Menawa sira weruh Roh iku nedhaki sawenèhing wong lan dedalem ing sarirané, Panjenengané iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci.
34 Aku wus ndeleng lan neksèni yèn Panjenengané iku Putraning Allah."
35 Ésuké Yohanes jumeneng ana ing papan kono manèh, karo muridé loro.
36 Nalika pirsa Yésus langkung, Yohanes ngandika, "Lah iku Cempéning Allah!"
37 Muridé loro mau padha krungu anggoné Yohanes ngandika mangkono iku, banjur ndhèrèkaké tindaké Yésus.
38 Nanging Yésus tumuli nolèh. Panjenengané pirsa menawa murid mau padha ndhèrèkaké, banjur ngandika, "Kowé padha golèk apa?" Aturé kang padha kadangu, "Rabbi, pakèndelan Panjenengan wonten ing pundi?" (Rabbi tegesé: Guru.)
39 Pangandikané Yésus, "Ayo, kowé bakal padha weruh!" Banjur padha sowan lan weruh pakèndelané, sarta ing dina iku banjur padha manggon ing kono karo Panjenengané; déné mungguh wayahé iku watara jam papat.
40 Murid loro kang wus krungu pangandikané Yohanes banjur ndhèrèkaké Yésus mau, kang siji yaiku Andréas, saduluré Simon Pétrus.
41 Dhisiké Andréas ketemu karo Simon, saduluré, banjur dikandhani, "Aku wus padha ketemu karo Mésias (tegesé: Kristus)."
42 Simon mau nuli diirid menyang ngarsané Yésus. Yésus banjur mirsani marang Simon sarta ngandika, "Kowé iku Simon anaké Yohanes. Kowé bakal dijenengaké Kéfas (tegesé: Pétrus)." (tegesé: Pétrus).
43 Ésuké manèh Yésus karsa tindak menyang Galiléa. Panjenengané pinanggih karo Filipus, banjur ngandika, "Mèlua Aku!"
44 Filipus mau wong saka Bètsaida, kuthané Andréas lan Pétrus.
45 Filipus ketemu Natanaèl, banjur dikandhani mangkéné, "Aku wus padha ketemu karo kang kasebutaké déning Musa ing sajroning Kitab Torèt sarta déning para nabi, yaiku Yésus, putrané Yusuf, saka Nasarèt."
46 Pangucapé Natanaèl, "Apa ana barang kang becik saka Nasarèt?"
47 Wangsulané Filipus, "Ayo, delengen dhéwé!" Bareng Yésus pirsa Natanaèl sowan ing ngarsané, banjur ngandika, "Lah, iku wong Israèl sejati, kang ora kadunungan cidra."
48 Natanaèl banjur munjuk, "Panjenengan nguningani kawula saking pundi?" Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Sadurungé Filipus ngajak kowé, Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir."
49 Natanaèl munjuk manèh, "Rabbi, Panjenengan punika Putranipun Allah, Panjenengan punika Rajanipun Israèl."
50 Yésus paring wangsulan, pangandikané, "Amarga Aku pitutur marang kowé: Aku weruh kowé ana ing sangisoré wit anjir, kowé banjur pracaya? Kowé bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih nggumunaké katimbang karo iku."
51 Yésus banjur ngandika, mangkéné, "Satemené Aku pitutur marang kowé, kowé bakal padha weruh langit menga, lan para malaékaté Allah padha munggah-mudhun marang Putraning Manungsa."