1 Saka Yudas, abdiné Yésus Kristus sarta saduluré Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Yésus Kristus.
2 Sih-rahmat, tentrem-rahayu, apadéné sih-katresnan nglubèrana kowé kabèh.
3 Para Sadulur kang kinasih, sajroné aku mbudidaya kanthi temenan nulis layang marang kowé bab karahayon kita kabèh, aku rumangsa kadereng nulis iki lan mituturi kowé, supaya padha tetepa anggonmu ngudi mbélani pangandel kang wis kaparingaké marang para suci.
4 Amarga ana sawenèhing wong kang wis nusup ing satengahmu, yaiku wong kang wis suwé padha pinesthèkaké bakal kaukum: para wong duraka kang migunakaké sih-rahmaté Allah kita kanggo ngumbar hawa-napsu, sarta kang nyélaki marang Pangwasa Tunggal lan Gusti kita, Yésus Kristus.
5 Nanging sanadyan kowé wis padha mangerti iku mau kabèh sarta ora mangu-mangu manèh, aku kepéngin ngélingaké kowé, menawa Gusti iku pancèn ngentasaké umat kagungané saka tanah Mesir, nanging sabanjuré numpes kang padha ora pracaya.
6 Mangkono uga, para malaékat kang ora padha manut marang wates-watesing pangwasané, temah ninggal papan padunungané, bakal katahan kanthi blenggu kang langgeng ana ing pepeteng, nganti tekaning pangadilan ing dina gedhé,
7 iya kaya kang mangkono, Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing sakubengé, kang kanthi cara kang padha, nindakaké laku jina, sarta padha mburu kamareman kang ora lumrah, wus padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepéling tumrap manungsa kabèh.
8 Ewadéné, para juru ngimpi uga padha njemberaké badané lan ngrèmèhaké pangwasaning Allah sarta anyenyamah marang sakèhing kamulyan ing swarga.
9 Malah Mikhaèl, panggedhéning para malaékat, nalika padu karo Iblis bab layoné Musa, ora wani ngadili Iblis iku nganggo tembung-tembung panyenyamah, nanging mung ngucap mangkéné, "Kowé muga didukani déning Gusti."
10 Ananging wong-wong iku padha nyenyamah samubarang kang ora padha dimangertèni lan apa kang padha dimangertèni kaya patrapé kéwan kang tanpa budi, malah iku kang njalari karusakané.
11 Bilai wong-wong iku, sabab padha mèlu mlaku ing dalan kang katempuh déning Kain lan marga mburu opah, njegur ing panasarané Biléam, temah padha tumpes, marga anggoné mbaléla kayadéné Korah.
12 Wong iku padha dadi rereged ana ing bujananing katresnanmu, jalaran tanpa nduwèni rasa isin ngentèk-entèkaké sarta mung mentingaké awaké dhéwé. Wong iku padha kaya méga kang tanpa banyu, kang kabur katut ing angin; prasasat wit-witan kang ora metokaké woh ing mangsa gogrog godhongé, kaya wit-witan kang rungkat sarta mati babar pisan.
13 Prasasat ombaking sagara kang nggegirisi, kang ngumplukaké kanisthané dhéwé, padha kaya lintang-lintang kang ngumbara, kang wis kacawisan panggonan ana ing jagating pepeteng langgeng salawasé.
14 Hénokh, turun kang kapitu saka Adam, uga wis meca wong-wong iku, surasané, "Lah Gusti rawuh ginarebeg déning para suci abdiné kang maèwu-èwu cacahé,
15 karsa nindakaké pangadilan tumrap wong kabèh, sarta matrapi paukuman marang sakèhing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakèhing tembung kang nistha, kang diucapaké déning para wong dosa kang mblasar iku marang Gusti."
16 Iku wong kang padha grundelan lan ora nrima ing pepesthèn, urip nuruti hawa-napsu, nanging cangkemé padha ngucapaké tembung-tembung kang ngayawara, ngonggrong wong, supaya olèh kauntungan.
17 Nanging kowé iku, para Sadulur kinasih, padha élinga marang pangandika kang biyèn wis kawedharaké marang kowé kabèh déning para rasulé Gusti kita, Yésus Kristus.
18 Jalaran kowé wis padha dipangandikani, "Mbésuk ngarepaké jaman wekasan bakal ana juru pamoyok, kang lakuné padha ngumbar hawa-napsuné kang mblasar."
19 Wong-wong iku kang padha njalari cecongkrahan, manungsa kadonyan kang ora kadunungan Roh Suci.
20 Nanging kowé, para Sadulur kinasih, padha mbanguna awakmu dhéwé, kanthi kadhasarana pracayamu kang suci linuwih, sarta ndedongaa ana ing patunggilané Roh Suci.
21 Awakmu padha reksanen kanthi patrap mangkono iku, ana ing sajroning sihé Allah, kalawan nganti-anti marang sih-rahmaté Gusti kita, Yésus Kristus, tumuju ing urip langgeng.
22 Wong-wong kang atiné isih mangu-mangu padha welasana.
23 Wong iku padha entasna sarana karebut saka ing geni. Nanging télakna welas-asihmu kanthi rasa wedi marang wong-wong liyané uga, sarta padha sengita marang sandhangané wong-wong kang kajemberaké déning pepénginan-pepénginaning dosa.
24 Kagem Panjenengané kang kwasa ngreksa marang kowé kabèh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahaké kowé kalawan tanpa cacad lan kanthi kebak kabungahan ana ing ngarsaning kamulyané.
25 Allah kang mung siji, Pamarta kita, marga déning Yésus Kristus, Gusti kita, iku kang sayogya sinaosan kamulyan, kaluhuran, kasantosan sarta pangwaos, sadurungé dumadining jaman, saiki sarta nganti ing salawasé. Amin.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Yudas 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Yudas 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke