1 Iki wahyuné Yésus Kristus, kang kaparingaké déning Allah marang Panjenengané, supaya katedahaké marang para abdiné bab apa kang pinasthi bakal énggal kelakon. Panjenengané wus medharaké bab iku marang Yohanes abdiné, lantaran malaékat utusané.
2 Yohanes wus neksèni bab pangandikané Allah lan bab paseksi kang kaparingaké déning Yésus Kristus, yaiku samubarang kang wus kadeleng.
3 Rahayu wong kang macakaké lan para wong kang padha ngrungokaké pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulis ing kono, awit waktuné wus cedhak.
4 Saka Yohanes marang pasamuwan pepitu kang ana ing Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowé kabèh, saka Panjenengané, kang ana lan kang wis ana sarta kang bakal rawuh, apadéné saka roh pepitu kang padha ana ing ngarsaning dhamparé,
5 sarta manèh saka Yésus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhéwé wungu saka ing antarané wong mati lan kang ngwaosi para raja ing bumi iki. Kagem Panjenengané, kang ngasihi kita lan kang wis mbirat dosa kita kalawan rahé, --
6 lan kang wis ndadèkaké kita sawijining kraton, lan imam-imam sumaos marang Allah, ingkang Rama, -- iya kagem Panjenengané iku kamulyan lan pangwasa nganti ing salawas-lawasé. Amin.
7 Kawruhana, Panjenengané rawuh nitih méga lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengané, dalah wong kang wis padha njojoh Panjenengané. Sakèhing bangsa ing bumi bakal nangisi Panjenengané. Iya, Amin.
8 "Ingsun iki Alfa lan Oméga, Pangandikané Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakwasa."
9 Aku, Yohanes, sadulur sarta panunggalanmu sajroning kasusahan, ing sajroning Kraton sarta kanthi mantep nganti-anti marang Yésus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikané Allah lan paseksi kang kaparingaké déning Yésus.
10 Mbeneri ing dinané Gusti, aku kalimputan ing Roh lan aku krungu swara kang sora ana ing mburiku, kaya uniné kalasangka,
11 pangandikané, "Apa kang sira deleng, iku tulisen ana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: Marang Éfesus, marang Smirna, marang Pèrgamus, marang Tiatira, marang Sardis, marang Filadèlfia lan marang Laodikia."
12 Aku tumuli nolèh arep meruhi swara kang ngandikani aku iku. Lan sawisé aku nolèh, aku weruh ana cagak padamaran mas pitu.
13 Sarta ing tengah-tengahé cagak padamaran pitu mau ana kang madha rupa karo Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawané nganti klangsrah tekan sampéyané, lan jajané apaningset emas.
14 Mustaka lan rékmané putih kaya wulu wedhus gèmbèl, memplaké kaya salju lan tingalé kaya urubing geni.
15 Sampéyané kaya tembaga mengangah ana sajroning prapèn; swarané kaya kumrosaking banjir gedhé.
16 Astané kang tengen ngasta lintang pitu sarta tutuké ngedalaké pedhang kang landhep kiwa-tengen, wedanané sumunar kaya srengéngé kang padhang sumilak.
17 Nalika aku weruh Panjenengané, aku nuli sujud ana ing ngarsaning sampéyané kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astané kang tengen, sarta dingandikani, "Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,
18 lan Kang Gesang, Ingsun wus séda, nanging delengen, Ingsun gesang nganti salawas-lawasé lan Ingsun ngasta sakèhing kunciné pati lan kratoning pati.
19 Marga saka iku tulisen apa kang wis sira deleng, iya kang kelakon ing samengko tuwin kang bakal kelakon ing tembé.
20 Mungguh wadiné lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningsun tengen lan cagak padamaran emas pitu iku mangkéné: Lintang pitu iku malaékaté pasamuwan pepitu lan cagak padamaran emas pitu iku pasamuwan pepitu."

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Wahyu 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Wahyu 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke