1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus, marga saka karsané Allah, lan saka sadulur kita Timotius,
2 marang para Sadulur kang suci lan kang pracaya ana ing patunggilané Kristus, kang ana ing Kolosé. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, anaa ing kowé kabèh.
3 Saben-saben ndongakaké kowé, aku tansah padha saos sokur marang Allah, Ramané Gusti kita Yésus Kristus,
4 awit aku wis padha krungu bab pracayamu ana ing Kristus Yésus, mangkono uga bab katresnanmu marang para suci kabèh,
5 marga saka pangarep-arep marang apa kang wis kacawisaké marang kowé ana ing swarga. Mungguh pangarep-arep mau ing sadurungé wis kokrungu saka pangandikaning kayektèn, yaiku Injil,
6 kang wis padha koktampa. Injil mau ngetokaké woh lan mekar sumrambah ing sajagat, malah iya tekan ing antaramu wiwit ing dina anggonmu padha krungu lan mangerti temenan marang sih-rahmaté Allah.
7 Iku mau kabèh wis koksumurupi saka Épafras kancaku leladi kang daktresnani, kang tumraping kowé dadi abdiné Kristus kang setya.
8 Iya wong iku kang ngabari aku bab katresnanmu ing patunggilané Roh.
9 Marga saka iku, wiwit aku olèh kabar mau, tanpa kendhat anggonku ndongakaké kowé. Kang daksuwun supaya kowé kaparingan sakèhing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsané Pangéran.
10 Temah uripmu ana ing ngarsané bisa kaya kang wis samesthiné lan ndadèkaké keparengé tumrap sadhéngah prakara, lan sajroné nindakaké sakèhing panggawé becik bisa ngetokaké woh, lan manèh kawruhmu bab Allah saya mundhak.
11 Apadéné kowé padha kasantosakaké sarana daya pangwaosing kamulyané Pangéran, supaya anggonmu nanggung samubarang kabèh kalawan tumemen lan sabar.
12 Sabanjuré padha saosa sokur kanthi bungah marang Sang Rama, kang wis ndadèkaké kowé patut kapanduman apa kang wis katamtokaké tumrap para suci ana ing pepadhang.
13 Panjenengané wis ngluwari kita saka pangwasaning pepeteng, kapindhah menyang kratoné Sang Putra kang kinasih.
14 Ana ing Panjenengané anggon kita nduwèni tebusan, yaiku pangapuraning dosa.
15 Panjenengané iku citrané Allah kang ora katingal, kang pambajeng, kang luwih utama katimbang samubarang kabèh kang katitahaké,
16 marga dumadiné samubarang kabèh iku déning Panjenengané, iya kang ana ing swarga, iya kang ana ing bumi, kang kasat mripat, lan kang ora kasat mripat, dadia awujud dhampar dadia kaprabon, apadéné para pamaréntah lan para pangwasa; samubarang kabèh katitahaké déning Panjenengané lan lumadi kagem Panjenengané;
17 Panjenengané iku ana sadurungé samubarang kabèh ana, lan samubarang kabèh iku nunggil ana ing Panjenengané;
18 Panjenengané iku jumeneng dadi mustakaning sarira, yaiku pasamuwan. Panjenengané dadi pambajeng, kang ndhisiki wungu saka ing antarané wong mati, mulané luwih utama ing samubarang kabèh.
19 Marga sakèhing kasampurnané Allah kepareng dedalem ana ing Panjenengané,
20 sarta ngrukunaké samubarang kabèh kang ana ing bumi lan kang ana ing swarga karo sarirané; yaiku sawisé ngawontenaké pirukun sarana rahé Kristus kang sinalib.
21 Mangkono uga kowé kabèh kang mauné urip adoh saka Allah, sajroning ati lan pikiranmu dadi mungsuh tumrap Panjenengané, kaya kang katitik saka panggawému kang ala,
22 saiki wis karukunaké ana ing sarira kadagingané Kristus sarana sédané, supaya kowé padha tinemu suci tanpa cacad lan resik anggonmu kasowanaké ana ing ngarsané.
23 Marga saka iku, kowé kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora kéguh, lan aja nganti nylèwèng saka ing pangarep-areping Injil kang wis padha kokrungu lan wis kagelaraké ana ing salumahing bumi sakurebing langit, lan aku iki, Paulus, kang wis dadi abdiné.
24 Saiki aku bungah déné aku kepareng nandhang sangsara marga saka kowé lan sangsaraning awakku ngganepi kakuranganing sangsarané Kristus tumrap sarirané, yaiku pasamuwan.
25 Anggonku wis dadi abdiné pasamuwan iku nyondhongi ayahan kang kaparingaké déning Allah marang aku, yaiku nglantaraké sabdané kanthi jangkep marang kowé,
26 yaiku kekeran kang sumimpen sajroning pirang-pirang abad lan turun-tumurun, nanging kang saiki wis kawedharaké marang para suci kagungané.
27 Iku padha diparingi sumurup sapira ajiné lan mulyané wewadi mau ana ing antarané para bangsa liya, yaiku: Kristus ana ing satengahmu, lan iya Kristus iku kang jumeneng pangarep-arep marang kamulyan.
28 Iya Panjenengané iku kang dakwartakaké samangsa aku padha mituturi lan mulang saben wong bab sarupané kawruh kanggo nuntun saben wong marang kasampurnan kang ana ing Kristus,
29 iku kang dakudi lan daklabuhi kanthi ngetog kakuwatan, laras karo pangwasané kang makarya kanthi kuwat ana ing aku.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kolose 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kolose 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke