1 Anadéné Saulus atiné isih kebak pangancam sarta pangigit-igit arep matèni para muridé Gusti, banjur sowan ing ngarsané Imam Agung,
2 lan nyuwun layang pangwasa kang arep digawa menyang papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur kena ditangkep lan digawa menyang Yérusalèm.
3 Sajroné lumaku iku, bareng wus cedhak kutha Damsyik, dumadakan nuli ana cahya tumlorong saka ing langit kang nglimputi wong mau.
4 Saulus banjur tiba ing lemah sarta krungu swara kang ngandikani mangkéné, "Saulus, Saulus, yagéné sira nganiaya Ingsun?"
5 Atur wangsulané Saulus, "Paduka punika sinten, Gusti?" Pangandikané Gusti, "Ingsun iki Yésus, kang sira aniaya iku.
6 Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni."
7 Anadéné wong-wong kang dadi kanthining lakuné, padha njenger, marga pancèn padha krungu swara mau, nanging ora weruh wong siji-sijia.
8 Saulus banjur ngadeg lan ngelèkaké mripaté, nanging ora bisa ndeleng apa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang Damsyik.
9 Nganti telung dina lawasé anggoné ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombé.
10 Ing Damsyik ana muridé Gusti jenengé Ananias, iku didhawuhi déning Gusti ing sajroning tetingalan, "Ananias!"
11 Unjuké, "Kawula, Gusti." Dhawuhé Gusti, "Ngadega, menyanga lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga omahé Yudas, golèkana wong kang saka Tarsus kang jenengé Saulus, saiki lagi ndedonga,
12 lan sajroning tetingalan weruh wong aran Ananias kang lumebu sarta numpangi tangan, supaya bisa ndeleng manèh."
13 Ananias mangsuli, unjuké, "Gusti, kawula sampun mireng saking tiyang kathah bab tiyang punika, bilih kathah sanget piawon ingkang dipun tindakaken tumrap para suci kagungan Paduka ingkang wonten ing Yérusalèm,
14 saha anggènipun mriki punika kalayan mundhi dhawuh saking para pangajenging imam supados nangkepi sakathahing tiyang ingkang nyebut asma Paduka."
15 Éwadéné Gusti ngandika, "Sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningsun kanggo martakaké asmaningsun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israèl.
16 Ingsun piyambak bakal nuduhaké marang wong iku, sapira akèhing kasangsaran, kang bakal kasandhang awit saka asmaningsun."
17 Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembungé, "Saulus, sadulurku, Gusti Yésus, kang wus ngatingal marang kowé ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowé, supaya kowé bisa ndeleng manèh lan kapenuhan ing Roh Suci."
18 Padha sanalika, kaya-kaya banjur ana kulit tipis kang rupané mèmper sisik padha rontog saka mripaté, satemah Saulus bisa ndeleng manèh, banjur ngadeg sarta kabaptis.
19 Déné sawisé mangan, kakuwatané nuli pulih. (9-19b) Saulus ana ing satengahing para murid ing Damsyik sawatara dina.
20 Nalika iku Saulus iya martakaké bab Yésus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratéla yèn Yésus iku Putraning Allah.
21 Wong kabèh kang ngrungokaké padha éram lan ngucap, "Apa iku dudu sing ana ing Yérusalèm arep numpes wong kang nyebut jenengé Yésus iku, sarta tekané ing kéné iku apa ora sumedya nangkepi wong-wong mau banjur diladèkaké ing ngarsané para pangareping imam?"
22 Nanging Saulus saya mundhak gedhé prabawané lan gawé judheging wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik, jalaran anggoné awèh paseksi, menawa Yésus iku Mésias.
23 Bareng wus sawatara dina, wong Yahudi padha ngrembug bab rancangan anggoné arep matèni Saulus.
24 Nanging sedya kang ala iku kaweruhan déning Saulus. Rina-wengi wong Yahudi padha jaga ing gapura-gapuraning kutha, supaya bisa matèni Saulus.
25 Nanging ing wayah bengi banjur dipapag déning para muridé kaudhunaké saka bètènging kutha nganggo kranjang.
26 Satekané Yérusalèm Saulus banjur ngudi bisané nunggal karo para murid, nanging kabèh padha wedi, awit padha ora ngandel, menawa Saulus iku uga wus dadi murid.
27 Mung baé banjur ditampa déning Barnabas lan dilantaraké menyang ngarsané para rasul sarta padha dicaritani, bab anggoné Saulus ana ing dalan diketingali déning Gusti tuwin anggoné diparingi pangandika, apadéné anggoné memulang kalawan asmané Gusti kanthi kendel ana ing Damsyik.
28 Saulus lestari tetunggilan karo para rasul ana ing Yérusalèm lan kanthi kendel memulang demi asmané Gusti,
29 apadéné uga rerembugan lan bebantahan karo para wong Yahudi kang basané Yunani, nanging wong-wong iku padha ngarah patiné.
30 Mung baé, bareng bab iku kasumurupan déning para sadulur tunggal pracaya, banjur padha ngungsèkaké Saulus menyang Kaisaréa lan saka ing kono menyang Tarsus.
31 Anadéné ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudéa, Galiléa lan Samaria kabèh kaanané tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang Pangéran. Cacahé saya wuwuh akèh marga kapitulungan déning Roh Suci.
32 Nalika samana Pétrus tindak mider-mider, tetuwi menyang ngendi-endi. Panjenengané uga ngrawuhi para suci ing Lida.
33 Ana ing kono mrangguli wong kang aran Énéas, kang wis wolung taun nggluntung ana ing paturon amarga lumpuh.
34 Wong iku dingandikani déning Pétrus, "Énéas, Yésus Kristus nyarasaké kowé; tangia lan paturonmu tatanen!" Sanalika iku uga wong mau banjur tangi.
35 Wong ing Lida lan Saron kabèh padha weruh wong mau, satemah banjur padha mratobat marang Gusti.
36 Ing Yopé ana murid wadon jenengé Tabita -- ing basa Yunani: Dorkas. Wong wadon iku akèh banget anggoné nindakaké kabecikan lan dedana.
37 Nanging nalika samana wong iku lara banjur tilar-donya. Sawusé disucèni, layoné nuli diturokaké ana ing kamar ndhuwur.
38 Lida iku cedhak karo Yopé. Bareng para murid padha krungu, yèn Pétrus ana ing Lida, banjur kongkonan wong loro sowan ing ngarsané, ngaturaké panyuwun mangkéné, "Kula aturi énggal rawuh dhateng panggènan kula!"
39 Pétrus nuli énggal-énggal tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis rawuh ing kana, banjur didhèrèkaké menyang kamar ndhuwur. Para warandha padha ngadeg ing sacedhaké apadéné kalawan nangis padha nuduhaké kabèh klambi lan sandhangan, gawéané Dorkas nalika isih urip.
40 Nanging kabèh nuli didhawuhi metu déning Pétrus. Panjenengané banjur jèngkèng lan ndedonga. Sawusé mangkono nuli minger ngadhepaké layon mau sarta ngandika, "Tabita, tangia!" Tabita nuli melèk lan bareng ndeleng Pétrus, banjur njenggèlèk linggih.
41 Tumuli tangané diasta déning Pétrus, dibantu anggoné ngadeg. Sawisé mangkono nuli nimbali para suci lan para warandha sarta nedahaké, yèn wong wadon mau wis urip.
42 Lelakon iku sumebar ing sakutha Yopé sarta akèh wong kang padha dadi pracaya marang Gusti.
43 Sawusé mangkono Pétrus isih lereb ana ing Yopé sawatara dina, ana ing omahé wong aran Simon, tukang walulang.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Kisah Para Rasul 9
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Kisah Para Rasul 9

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke