1 Marga saka iku, payo padha ninggal dhasar-dhasar wiwitaning piwulang bab Kristus sarta padha ngalih marang piwulang kang sampurna. Kita aja nganti masang manèh tetalesing pamratobat saka panggawé-panggawé kang tanpa guna, sarta tetalesing pracaya marang Allah,
2 yaiku piwulang bab baptisan kang rupa-rupa, tumpangan tangan, tanginé para wong mati sarta paukuman langgeng.
3 Sarta iku kang bakal padha kita tindakaké, menawa dadi keparengé Allah.
4 Sabab mungguh wong-wong kang wis tau kapadhangan atiné, kang wis tau ngrasakaké peparing kaswargan sarta kang wis tau kapanduman Roh Suci,
5 lan kang wis ngrasakaké pangandikané Allah kang utama sarta daya pangwasaning jaman kang bakal kelakon,
6 nanging padha murtad manèh, iku ora bisa dianyaraké sapisan manéh nganti padha mratobat, amarga padha nyalib Putrané Allah manéh kanggo awaké dhéwé, sarta ngrèmèhaké Panjenengané ana ing sangarepé wong akèh.
7 Sabab bumi kang nyerot banyu udan kang kerep tumiba ing kono, banjur ngetokaké tanem-tuwuh kang maédahi kanggo kang nggarap iku, nampa berkah saka Allah;
8 nanging menawa bumi iku nuwuhaké eri bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta wis cepak kena ing supata, kang wekasané kaobong.
9 Éwadéné, para Sadulur kang kinasih, sanadyan aku padha pitutur mangkono marang kowé, aku padha yakin menawa kowé padha duwé prakara kang luwih becik sarta isi karahayon.
10 Amarga Allah ora kurang adil, nganti Panjenengané kesupèn marang panggawé lan katresnanmu kang koktindakaké kagem asmané srana anggonmu padha ngladèni para suci, kaya kang tansah padha koklakoni.
11 Nanging kang padha dakarep-arep, supaya saben wong panunggalanmu padha nélakna katemenan kang kaya mangkono satemah bisa nggayuh katemtuaning pangarep-arepmu, nganti tumeka ing wekasan,
12 supaya kowé aja padha lamban, nanging padha nulad marang wong kang awit saka pracaya lan kasabarané padha olèh warisan kang kaprasetyakaké iku.
13 Awitdéné nalika Allah maringaké prasetyané marang Abraham, wis supaos demi Panjenengané piyambak, amarga ora ana kang ngungkuli Panjenengané,
14 pangandikané, "Satemené sira bakal sunberkahi nganti lubèr sarta sira bakal suntangkaraké dadi akèh banget."
15 Abraham ngentosi kalawan sabar sarta marga saka mangkono banjur nampi apa kang kaprasetyakaké marang panjenengané.
16 Mungguh manungsa iku anggoné sumpah demi kang luwih luhur sarta sumpah iku minangka pikukuhé kang mungkasi sakèhing padudon.
17 Marga saka iku, nalika Allah kagungan karsa nedahaké amrih saya ngyakinaké bab katemtuaning prasetyané marang wong-wong kang dadi ahli warisé, Panjenengané nanggel kanthi supaos,
18 supaya marga prakara loro kang ora owah-owah mau -- ing bab iku mokal menawa Allah iku cidra -- kita kang padha ngupaya pangayoman, padha olèh pambereg kang kuwat amrih ngantepi pangarep-arep kang kaprasetyakaké.
19 Déné pangarep-arep iku minangka jangkar kang kuwat lan santosa tumrap nyawa kita, kang wis ditibakaké tekan samburining geber,
20 kang wis dilebeti déning Yésus ngrumiyini kita, nalika Panjenengané jumeneng Imam Agung ing salawas-lawasé manut pranatané Mèlkisèdèk.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Ibrani 6
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Ibrani 6

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke