1 Katresnaning pasaduluran iku padha rumatana!
2 Kowé aja padha lali awèh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenèhing wong tanpa kasumurupan wis ngaturi pasugatan marang para malaékat.
3 Padha élinga marang para wong ukuman, jalaran kowé dhéwé uga wong ukuman. Sarta padha élinga marang wong kang padha dianiaya, amarga kowé dhéwé iya isih urip ana ing donya iki.
4 Kowé kabèh padha ngajènana marang nenikahan sarta aja padha njemberi paturon, sabab Allah bakal matrapi para sundel lan kang laku jina.
5 Kowé aja padha karem bandha sarta padha marema karo apa kang kokduwèni. Awit Allah wis ngandika, "Ingsun ora bakal négakaké sira lan sira ora pisan-pisan bakal suntilar."
6 Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap, "Gusti iku pitulunganku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawé apa marang aku?"
7 Padha élinga marang para pemimpinmu, kang wis nggelaraké pangandikané Allah marang kowé. Padha gatèkna wekasaning sugengé sarta padha nulada pracayané.
8 Yésus Kristus iku tetep, ora éwah-gingsir, iya wingi, dina iki sarta ing salawas-lawasé.
9 Kowé aja nganti padha kena disasaraké déning piwulang warna-warna liyané. Kang becik yaiku menawa atimu kasantosakaké déning sih-rahmat, sarta ora marga déning pranatan bab pangan kang ora maédahi marang wong kang nuruti iku.
10 Kita padha duwé misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladèni kémah iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah kono.
11 Mungguh kéwan-kéwan kang getihé kagawa lumebu menyang pasucèn déning imam agung minangka kurban pambirating dosa, iku padha kaobong ing saknjabané kémah.
12 Iya iku sababé Yésus wis nandhang sangsara ana ing saknjabaning gapura kanggo nucèkaké umat kagungané sarana rahé piyambak.
13 Awit saka iku, payo padha sowan Panjenengané ana ing saknjabané kémah sarta nglabuhi kanisthané.
14 Amarga ana ing kéné kita padha ora duwé kutha kang tetep; kita padha ngupaya kutha ing jaman kang bakal kelakon.
15 Kang iku, lantaran Panjenengané, payo kita padha tansah saos kurban pamuji-sokur marang Allah, iya iku kang arupa tetembungan kang ngluhuraké asmané.
16 Sarta aja lali nindakaké kabecikan lan awèh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadèkaké keparengé Allah.
17 Padha mbangun-turuta sarta sumuyuda marang para pemimpinmu, awit iku kang padha rumeksa marang nyawamu, kaya wong kang padha kudu ngunjukaké tanggung-jawab, supaya anggoné padha nglakoni kalawan bungah, ora kalawan ngesah, awit iku ora bakal maédahi tumrap kowé.
18 Aku padha tansah dongakna, jalaran aku padha yakin, menawa duwé rumangsaning ati kang becik, amarga ing sakèhé prakara kita padha ngarah urip kang becik.
19 Mligi kanggo kowé aku pitutur, kowé padha nglakonana, supaya aku énggal diparengaké bali nunggal karo kowé.
20 Muga Allahing tentrem-rahayu, kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wis mungokaké saka ing antarané wong mati, Pangèn Agung tumrap para wedhus, yaiku Yésus, Gusti kita,
21 mirantènana kowé kalawan samubarang kabèh kang becik kanggo nindakaké karsané, sarta nindakaké ana ing urip kita apa kang ndadèkaké keparengé, lantaran Yésus Kristus. Panjenengané iku kang sayogya kamulyakaké nganti salawas-lawasé! Amin.
22 Aku pitutur marang kowé, para Sadulur, tembung-tembung pepéling iki padha tampanana kalawan éklasing ati, sanadyan layangku marang kowé iki mung cekak.
23 Wruhanamu, Timotius, sadulur kita, wis mangkat. Samangsa wis teka, aku arep énggal bebarengan niliki kowé kabèh.
24 Salamku tumekaa marang sakèhing pemimpinmu sarta marang para suci. Para Sadulur tunggal pracaya ing Italia ngirimaké salam marang kowé kabèh.
25 Sih-rahmat nunggila ing kowé kabèh.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Ibrani 13
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Ibrani 13

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke