1 Pracaya iku dhasaring samubarang kang kaarep-arep sarta buktining samubarang kang ora katon.
2 Awit iya marga saka pracaya iku wis kaparingaké paseksi menawa Allah karenan marang para leluhur kita.
3 Marga saka pracaya kita ngerti, menawa alam jembar iku wis katitahaké déning sabdaning Allah, satemah samubarang kang katon iku dumadiné saka kang ora katon.
4 Marga saka pracaya Habél wis nyaosaké kurban marang Allah kang luwih becik katimbang kurbané Kain. Marga saka iku banjur kaseksènan menawa Habél iku wong bener, amarga pisungsungé ndadèkaké keparengé Allah sarta marga saka pracaya isih bisa guneman sawusé mati.
5 Marga saka pracaya Hénokh kapulung, supaya ora ngalami mati, sarta ora ana wong kang bisa nemokaké, jalaran wis kapulung déning Allah. Awit sadurungé kapulung, wis kaseksènan menawa ndadèkaké keparengé Allah.
6 Nanging menawa tanpa pracaya mokal yèn ndadèkaké keparengé Allah. Jalaran sapa kang sowan marang Allah, iku kudu pracaya menawa Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong-wong kang padha temen-temen ngupaya Panjenengané.
7 Marga saka pracaya, Nuh -- sawisé kaparingan pepènget déning Allah bab kang durung disumurupi - ngèstokaké dhawuh yasa prau kanggo nylametaké kulawargané; lan marga saka pracaya iku panjenengané ngadili jagat sarta dadi ahli-warising kayektèn, laras karo pracayané.
8 Marga saka pracaya Abraham mbangun-turut, nalika katimbalan supaya bidhal menyang panggonan kang bakal ditampèni dadi pusakané, banjur bidhal mangka ora pirsa papan kang katuju.
9 Marga saka pracaya, panjenengané manggèn ing tanah kang kaprasetyakaké iku dadi wong ngamanca sarta ana ing kono panjenengané dedalem ana ing kémah karo Ishak lan Yakub, kang padha nunggil dadi ahli warisé prasetya.
10 Jalaran panjenengané ngantos-antos kutha kang dhasaré karancang sarta kayasa déning Allah.
11 Marga saka pracaya, sanadyan Sara iku gabug, Abraham kagungan putra-wayah, mangka yuswané wis lungsé, amarga ngugemi menawa Panjenengané kang paring prasetya iku setya-tuhu.
12 Iya iku jalarané, saka wong siji, kang prasasat wis mati, sumebar tedhak turuné, kaya lintang ing langit sarta kaya wedhi ing pinggir sagara kang tanpa wilangan cacahé.
13 Iku mau kabèh sédané sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakaké, nanging mung mirsani sarta ngawé-awé saka kadohan, lan padha ngakeni menawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.
14 Jalaran wong kang ngucap mangkono iku nélakaké, menawa padha kepéngin ngupaya tanah wutah-rah.
15 Saupama padha ngèngeti tanah asal kang wis ditilar, padha kagungan waktu kang ombèr kanggo kondur mrana.
16 Nanging saiki padha ngangen-angen tanah wutah-rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah-rah kaswargan. Mulané Allah ora lingsem sinebut Allahé, amarga Panjenengané wis nyawisi kutha kanggo wong-wong iku.
17 Marga saka pracaya Abraham nalika kacoba, ngurbanaké Ishak. Panjenengané kang wis nampi prasetya iku, kanthi éklas ngurbanaké putrané ontang-anting,
18 sanadyan marang panjenengané wis dingandikani, "Trah kang saka Ishak iku kang bakal kasebut turunira."
19 Jalaran panjenengané manggalih, menawa Allah kwaos nangèkaké wong, sanadyan saka antarané wong mati, sarta saka ing kono anggoné prasasat nampèni wangsul putrané.
20 Marga saka pracaya, Ishak anggoné mberkahi marang Yakub lan Esau kanthi mirsani kang bakal kelakon ing tembé.
21 Marga saka pracaya, Yakub nalika ndungkap sédané, mberkahi putrané Yusuf sakaroné, banjur nyembah karo séndéan bongkoting tekené.
22 Marga saka pracaya, Yusuf nalika ndungkap sédané, martosaké bab bakal budhalé Banisraèl sarta paring piweling bab layoné.
23 Marga saka pracaya, Musa sawusé miyos, diumpetaké déning rama-ibuné lawasé telung sasi, amarga padha pirsa menawa bayi iku bagus rupané sarta ora wedi marang préntahé raja.
24 Marga saka pracaya, Musa nalika wis diwasa ora karsa sinebut putraning putriné Firaun,
25 jalaran panjenengané milih nandhang sangsara bareng karo umaté Allah, katimbang ngraosaké kamuktèning dosa kang mung sawatara mangsa,
26 sarta nganggep, menawa karèmèhaké amarga Kristus iku bandha kang luwih aji katimbang karo sakèhing raja-branané Mesir, awit kang dianti-anti iku ganjaran.
27 Marga saka pracaya, panjenengané nilar Mesir, ora ajrih marang dukané raja; awit tansah madhep-mantep prasasat pirsa apa kang ora katon.
28 Marga saka pracaya, panjenengané mranata Paskah sarta pangepyuring getih, supaya juru-tumpes anak-anak pambarep, aja nganti nggepok umat.
29 Marga saka pracaya, wong-wong iku padha nyabrang Sagara Abang kaya ngliwati dharatan, mangka wong-wong Mesir padha klelep, nalika uga padha nyoba mangkono.
30 Marga saka pracaya, bètèngé Yérikho padha jugrug, sawusé diubengi pitung dina lawasé.
31 Marga saka pracaya, Rahab sundel iku, ora katut katumpes bareng karo wong-wong duraka, amarga wus nampani para telik-sandi iku kalawan becik.
32 Apa manèh kang kudu dakpratélakaké? Jalaran aku bakal kakurangan waktu, menawa aku arep nyaritakaké bab Gidéon, Barak, Simson, Yéfta, Daud lan Samuèl sarta para nabi,
33 kang marga saka pracaya wis nelukaké nagara-nagara, nindakaké apa kang bener, nampani apa kang wis kaprasetyakaké, mbungkem cangkemé singa-singa,
34 nyirep geni kang ngalad-alad. Wong-wong iku wis padha oncat saka landhepé pedhang, wis nampa kakuwatan sajroné kaapesan, wis padha dadi santosa sajroning paprangan sarta wis ngunduraké wadya-balané mungsuh.
35 Para wong wadon wis padha nampani manèh wong-wongé kang wis mati, jalaran padha ditangèkaké. Nanging wong-wong liyané padha pilih dipilara sarta ora gelem diluwari, supaya padha tampa patangèn kang luwih becik.
36 Ana manèh kang dipoyoki lan disiksa, lan ana uga kang dibanda sarta dikunjara.
37 Padha dibenturi watu, digraji, dipatèni kalawan pedhang; wong-wong iku padha nglembara kalawan manganggo walulang wedhus gèmbèl lan walulang wedhus jawa, padha nandhang kacingkrangan, kasangsaran sarta panganiaya.
38 Jagat iki ora pantes kanggo wong-wong iku, mulané padha ngumbara ana ing pasamunan sarta ing pagunungan, sajroning guwa-guwa sarta sela-selaning gunung.
39 Nanging wong-wong iku kabèh padha ora tampa apa kang kaprasetyakaké iku, sanadyan marga saka pracaya wis padha kaparingan paseksi kang becik.
40 Jalaran Allah wis nyawisi kang luwih becik tumrap kita; wong-wong iku ora bakal bisa nggayuh kasampurnan menawa ora bareng kita.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Ibrani 11
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Ibrani 11

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke