1 Ing sajroning angger-anggeré Torèt iku mung tinemu wewayangané prakara-prakara becik kang bakal kelakon, dudu wujudé prakara-prakara iku dhéwé. Marga saka iku, sarana kurban kang padha, kang saben taun tansah dikurbanaké, angger-anggering Torèt ora bakal gawé sampurnané wong kang padha nindakaké pangibadah.
2 Jalaran saupama bisa kelakon mangkono, wong-wong rak ora padha nyaosaké kurban manèh? Sabab wong kang padha nindakaké pangibadah iku ora ngrumangsani dosa manèh, awit wis padha kasucèkaké sapisan kanggo salawas-lawasé.
3 Ananging iya marga saka kurban-kurban iku saben taun wong-wong padha diélingaké bab anané dosa.
4 Sabab mokal menawa getihé sapi lanang utawa getihé wedhus lanang bisa mbirat dosa.
5 Mulané nalika Panjenengané rawuh ing jagat, Panjenengané matur, "Kurban saha pisungsung mboten Paduka karsakaken -- nanging Paduka sampun nyawisaken sarira kanggé kawula --.
6 Kurban obaran saha kurban pambirating dosa mboten ndadosaken kepareng Paduka.
7 Kawula lajeng munjuk: Lah punika kawula sowan; ing salebeting kitab gulungan wonten seratanipun bab kawula supados nglampahi karsa Paduka, dhuh Allah kawula."
8 Sakawit Panjenengané matur, "Kurban saha pisungsung, kurban obaran saha kurban pambirating dosa sami mboten Paduka karsakaken sarta mboten ndadosaken kepareng Paduka" -- sanadyan kapisungsungaké manut angger-anggering Torèt --.
9 Nuli pangandikané, "Lah punika kawula sowan, badhé nglampahi karsa Paduka." Kang kapisan kasuwak déning Panjenengané, supaya kang kapindho bisa kelakon.
10 Amarga saka karsané iki, kita wis disucèkaké sapisan kanggo salawas-lawasé sarana pisungsung awujud sarirané Yésus Kristus.
11 Sabanjuré saben imam ing sadina-dinané nindakaké ayahané sarta bola-bali nyaosaké kurban kang padha, kang babar pisan ora bisa mbirat dosa.
12 Nanging, sawisé nyaosaké kurban kang mung siji baé karana dosa, Panjenengané banjur lenggah ana ing tengené Allah kanggo salawas-lawasé,
13 sarta ing samengko Panjenengané mung ngantos-antos tekan waktuné anggoné mungsuh-mungsuhé kadadèkaké ancik-anciking sampéyané;
14 sabab sarana kurban siji baé Panjenengané wis damel sampurna kanggo salawas-lawasé tumrap para wong kang padha kasucèkaké.
15 Lan Roh Suci uga maringi paseksi marang kita,
16 sabab sawisé Panjenengané ngandika, "Iki prajanjian kang bakal sunanakaké karo wong-wong iku, sawisé dina-dina iku," Panjenengané banjur ngandika manèh: "Ingsun bakal maringaké angger-anggeringsun ana ing atiné, sarta sunserat ana ing budiné,
17 sarta Ingsun ora ngènget-ènget manèh marang sakèhing dosa lan paneraké."
18 Dadi menawa iku kabèh wis kaapura, ora prelu ana kurban manèh kang kasaosaké marga saka dosa.
19 Kang iku para Sadulur, sarana rahé Yésus, ing samengko kita bisa lumebu ing pasucèn kanthi kendel lan mantep,
20 amarga Panjenengané wis mbikak dalan kang anyar sarta kang urip kanggo kita metu ing geber, yaiku sarirané piyambak,
21 lan kita duwé imam kang luhur tumrap padalemané Allah.
22 Mulané, payo kita padha sowan ing ngarsané Allah kanthi ati kang tulus lan éklas sarta kalawan iman kang teguh, amarga ati kita wis karesikaké saka rumangsaning ati kang ala lan badan kita wis dikumbah nganggo banyu kang resik.
23 Payo padha dikukuh anggon kita ngandhemi pangarep-arep kang wis dadi paugeman kita, jalaran Panjenengané, kang mrasetyakaké iku setya-tuhu.
24 Sarta payo padha nggatèkaké siji lan sijiné, supaya kita padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawé kang utama.
25 Kita aja padha ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinané sawenèhing wong, ananging payo padha éling-ingélingaké, luwih manèh anggon kita ngerti menawa dina rawuhé Gusti wis saya cedhak.
26 Sabab menawa kita njarag gawé dosa sawisé padha nampa kawruh bab kayektèn, mesthi ora ana kurban manèh kanggo mbirat dosa iku.
27 Ananging, anané mung nunggu tekané pangadilan kang nggegirisi sarta geni kang ngalad-alad kang bakal ngobong sakèhé wong kang mbaléla.
28 Menawa ana wong nampik angger-anggeré Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksiné wong loro utawa telu.
29 Méndah saya aboté paukuman kang kudu kasangga déning wong kang nyawiyah Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucèkaké wong mau, tuwin nyenyamah marang Rohing sih-rahmat!
30 Jalaran kita sumurup marang Panjenengané kang ngandika, "Piwales iku wewenangingsun. Ingsun kang bakal nindakaké piwales." Sarta manèh, "Pangéran bakal ngadili umaté."
31 Nggegirisi banget, menawa tumiba ing astané Allah kang gesang.
32 Padha élinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawisé kowé tampa pepadhang, kowé padha tahan nglakoni perang kang abot sarta nandhang sangsara,
33 dadia nalika kowé padha kagawé tontonan kanthi diwewada sarta dianiaya, samono uga nalika kowé padha mèlu ngrasakaké panandhangé wong-wong kang padha digawé kaya mangkono mau.
34 Kowé pancèn padha ngrasakaké panandhangé wong-wong ukuman sarta nalika barang darbèkmu dijarah, kowé nampa iku kanthi bungah, amarga kowé padha sumurup, menawa kowé nduwèni bandha kang luwih aji sarta langgeng.
35 Kang iku kowé aja padha ninggal keyakinanmu, amarga gedhé ganjaran kang wis kacawisaké.
36 Sabab kowé padha mbutuhaké sabar-mantep, supaya sawisé kowé nglakoni karsané Allah, padha nampa apa kang wis kaprasetyakaké iku.
37 "Amarga kari sadhéla manèh, malah mung kurang sadhéla banget, Panjenengané kang bakal rawuh, bakal tedhak, lan ora nyumenèkaké rawuhé.
38 Nanging wong kagunganingsun kang bener iku uripé marga saka pracaya. Déné menawa mundur saka pracayané, Ingsun bakal ngemohi wong iku."
39 Balik kita iki dudu panunggalané wong-wong kang mundur saka pracayané sarta nemahi karusakan, nanging wong-wong kang padha pracaya lan kang kaparingan urip.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: Ibrani 10
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: Ibrani 10

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke