1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus kang awit saka karsaning Allah, supaya martakaké prasetya bab urip ana ing sajroné Kristus Yésus,
2 marang Timotius, anakku kang kinasih: Palimirma, sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Gusti kita, anaa ing kowé.
3 Aku saos sokur marang Allah, kang dakladosi kalawan swaraning ati kang resik, kaya kang dilakoni déning para leluhurku. Sarta aku tansah ngélingi kowé sajroning panyuwunku rina-wengi.
4 Menawa aku kélingan anggonmu nètèsaké eluh, aku banjur kepéngin weruh kowé manèh, supaya atiku kapenuhan ing kabungahan.
5 Amarga aku kélingan marang pracayamu kang tulus-éklas, yaiku pracaya kang wiwitané dumunung ana ing embahmu-putri Lois lan ibumu Éunike lan aku yakin iku iya dumunung ana ing kowé.
6 Marga saka iku kowé dakélingaké supaya tetep gawé ngrembakané sih-peparingé Allah kang ana ing kowé sarana anggonmu wis katumpangan tanganku.
7 Sabab Allah maringi kita dudu roh kang njalari jirih, nanging roh kang nuwuhaké kakuwatan, katresnan lan katertiban.
8 Mulané aja isin nglairaké paseksi bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengané, nanging mèlua nandhang sangsara kanggo Injilé kalawan kakuwataning Allah.
9 Panjenengané kang milujengaké kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawé kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmaté piyambak, kang wus kaparingaké marang kita ana ing Kristus Yésus sadurungé wiwitaning jaman.
10 Lan saiki kawujudaké ana ing rawuhé Juru-wilujeng kita Yésus Kristus, kang lantaran Injil wus nyirnakaké pangwasaning pati sarta mbabaraké urip kang ora bisa rusak.
11 Iya kanggo Injil iki aku wis katetepaké dadi juru-warta, dadi rasul lan dadi guru.
12 Iya iku kang njalari kasangsaranku iki kabèh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakpracaya sarta aku yakin yèn Panjenengané iku kwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakaké Panjenengané marang aku nganti tumeka dinané Gusti.
13 Samubarang kang wis kokrungu saka aku, iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener sarta lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing Kristus Yésus.
14 Rajabrana kang éndah, kang wis dipitayakaké Panjenengané, déning Roh Suci, kang dedalem ana ing kita, iku reksanen.
15 Kowé wis padha sumurup, menawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik iku padha nyingkur aku; kalebu Figelus lan Hérmogenès.
16 Muga Gusti karsa paring sih-rahmat marang Onésiforus sabrayat, kang wus bola-bali gawé senenging atiku. Wong iku ora isin niliki aku ana ing pakunjaran.
17 Nalika ana ing Roma, wis ngudi nggolèki aku lan iya wis bisa nemoni aku.
18 Muga Gusti karsa maringaké sih-rahmaté marang wong mau mbésuk ing dinané Gusti. Sapira anggoné leladi ana ing Éfesus, kowé luwih ngerti katimbang aku.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Timotius 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Timotius 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke