1 Saka Paulus, Silwanus lan Timotius, marang pasamuwané wong-wong ing Tésalonika ana ing Allah Rama kita lan ing Gusti Yésus Kristus.
2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh.
3 Para Sadulur, Aku kabèh padha kuwajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowé kabèh. Lan pancèn patuté mangkono, awit pracayamu sangsaya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan sangsaya banget,
4 satemah ana ing pasamuwan-pasamuwané Allah aku dhéwé bombong atiku tumrap kowé amarga anggonmu padha tatag sarta pracaya ana ing sajroning sakèhé panganiaya lan panindhes kang padha kokalami.
5 Iku dadi tandha-bukti mungguh pangadilané Allah kang adil, kang mratélakaké yèn kowé kabèh iku pantes dadi warganing Kratoné Allah, kowé kang saiki padha nandhang sangsara amarga Kraton iku.
6 Jalaran pancèn adil kagem Allah malesaké panindhes marang wong-wong kang padha nindhes kowé kabèh,
7 sarta murih leganing atimu kang padha ditindhes, lan uga kanggo aku kabèh, samangsa Gusti Yésus bakal ngatingal saka swarga ginarebeg para malaékaté kang gedhé pangwasané, ing sajroning geni kang murub ngalad-alad,
8 lan nandukaké piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Allah sarta ora mbangun-turut marang Injilé Yésus, Gusti kita.
9 Wong-wong iku bakal padha nampa paukuman kang gawé rusak ing salawas-lawasé, diedohaké saka ing ngarsané Gusti lan saka ing kamulyaning pangwaosé,
10 samangsa Panjenengané rawuh ing dina iku, supaya kaluhuraké ana ing antarané para suci kagungané, sarta supaya dadi pangéram-éramé wong kabèh kang pracaya, awit paseksi kang wis padha daklairaké marang kowé kabèh iku wis padha kokpracaya.
11 Awit saka iku, aku kabèh tansah padha ndedonga uga kanggo kowé kabèh, supaya Allah kita nganggep kowé padha sembada tumrap timbalané lan kalawan pangwaosé nyampurnakaké sakèhing pepénginanmu tumindak becik sarta nyampurnakaké sakèhé pakaryaning pracayamu,
12 satemah asmané Yésus, Gusti kita, kaluhuraké ana ing kowé kabèh lan kowé kabèh ana ing Panjenengané, miturut sih-rahmating Allah kita lan Gusti Yésus Kristus.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Tesalonika 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Tesalonika 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke