1 Saka Simon Pétrus, abdi sarta rasulé Yésus Kristus, marang para kang nunggal karo aku kabèh, padha kaparingan pracaya marga saka kaadilaning Allah sarta Pamarta kita Yésus Kristus.
2 Sih-rahmat lan tentrem-rahayu nglubèrana kowé, marga saka anggonmu padha wanuh marang Allah sarta marang Yésus, Gusti kita.
3 Marga saka pangwaosing kaallahané, kita wis padha kaparingan samubarang kang perlu kanggo urip kang mursid, sarana anggon kita wanuh marang Panjenengané kang wis nimbali kita marga saka pangwaosé kang mulya lan ngéram-éramaké.
4 Kanthi patrap kang mangkono iku Panjenengané wis maringi kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya sarana iku kowé padha kepareng ndhèrèk ing sajroné kodrat kaallahan lan uwal saka dayaning hawa-napsu kadonyan kang nyirnakaké donya.
5 Iya marga saka iku kowé padha kudu kanthi temenan anggonmu mbudidaya nambahaké kautaman marang pracayamu lan kawruh marang kautaman,
6 tuwin pangerèhing dhiri marang kawruh, katekunan marang pangerèhing dhiri, kamursidan marang katekunan,
7 nresnani para Sadulur marang kamursidan, lan tresna marang para Sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabèh.
8 Jalaran menawa kowé padha kadunungan iku mau kabèh nganti lubèr, kowé mesthi bakal dadi mempeng ing panggawé sarta kasembadan anggonmu wanuh marang Yésus Kristus, Gusti kita.
9 Nanging sing sapa ora kadunungan iku mau kabèh, bakal dadi wuta sarta cethèk panemuné, jalaran lali menawa dosa-dosané kang mbiyèn wis kabirat.
10 Mulané para Sadulur, tansah mbudidayaa kanthi temenan supaya saya kukuh anggonmu padha tinimbalan lan pinilih iku. Jalaran menawa kowé nglakoni kang mangkono, kowé bakal padha ora tau kesandhung.
11 Kanthi mangkono, kowé bakal kaparingan sakèhing wewenang kanggo lumebu ing Kraton kang langgeng, yaiku Kratoné Gusti lan Pamarta kita Yésus Kristus.
12 Mulané aku tansah kepéngin ngélingaké kowé marang bab iku mau kabèh, sanadyan kowé iya wis padha mangerti sarta santosa ing sajroné kayektèn kang wus koktampani.
13 Sadurungé aku ngrucat kémahing badanku iki, dakanggep dadi kuwajibanku, anggonku tansah ngélingaké kowé tumrap iku mau kabèh.
14 Jalaran aku mangerti, menawa aku bakal énggal ngrucat kémahing badanku iki, kayadéné kang wis kapangandikakaké marang aku déning Yésus Kristus, Gusti kita.
15 Nanging aku bakal mbudidaya, supaya saungkurku kowé uga tansah padha ngéling-éling marang prakara iku mau kabèh.
16 Jalaran anggonku padha ngandhani kowé bab pangwaos lan bakal rawuhé Gusti kita, Yésus Kristus kang jumeneng raja iku, ora marga ngandel marang dongèngé wong kang ngayawara, nanging aku kabèh iki padha dadi seksi kang nyipati dhéwé bab kaluhurané.
17 Awit Panjenengané tampa kaurmatan lan kamulyan saka Allah Sang Rama, nalika swanten saka Kang Mahaluhur nedhaki Panjenengané, Pangandikané, "Iki Putraningsun kang sunkasihi, kang ndadèkaké keparenging galihingsun."
18 Aku dhéwé padha krungu swara iku mau tumurun saka swarga, nalika aku padha ndhèrèk Panjenengané ana ing gunung kang suci.
19 Marga saka iku aku kabèh padha saya kasantosakaké déning pangandika kang wis kawedharaké déning para nabi. Saiba beciké, menawa kowé padha nggatèkaké bab iku, kayadéné nggatèkaké diyan kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhulé lintang panjer ésuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.
20 Déné kang prelu dhéwé kang kudu koksumurupi, yaiku menawa pameca-pameca ing Kitab Suci iku ora kena ditafsiraké sakarepé dhéwé,
21 jalaran ora tau ana pameca kang metu saka karepé manungsa, nanging marga kabereg déning Roh Suci, wong-wong padha guneman atas asmaning Allah.

Studi Alkitab lengkap, silahkan lihat Alkitab SABDA :: 2 Petrus 1
Studi Alkitab mobile, silahkan lihat Alkitab Mobi :: 2 Petrus 1

Download Aplikasi Alkitab Karaoke (BETA) Android:
https://play.google.com/store/apps/details?id=org.sabda.alkitabkaraoke